Selasa, 10 Juni 2014

Babu manca

Babu manca
dening : Melanti Rizkiyah

Adoh panggon saka asalku
Tanpa kadang tanpa sanak
Dadi babu golek kamulyan
Dadi babu
Babu manca
Babu bodho ora bisa apa-apa
Babu manca
Dianggep dudu menungsa
Babu manca
Urip tansah kasiya-siya
Babu manca
Golek dhuwit
Totohan pati
Babu manca
Ora dianggep marang negara
Babu manca

Mesakna

Grobag Runtah

 Grobag Runtah
dening : Melanti Rizkiyah

Sadina-dina
Uripku
Amung ndhorong grobag
Nanging dudu grobag
 isi cacahan daging bunder
dudu grobag
isi ronde
dudu grobag
isi bubur lan sakwarnane
grobagku grobag tuwa
grobagku grobak runtah
ambu banger tansah semriwing
kewan laler tansah ngiter
sok-sok malah ana uler singgat
ugat-uget ana grobagku
kanggoku
kabeh mau ora dadi ngapa
tinimbang dadi pejabat
kadya uler singgat ana grobag
mbrakoti daginge wong papa


Ngoyak Layangan

Ngoyak Layangan
dening : Melanti Rizkiyah

Cahyane srengenge awan iki
Banget ngenthak-ngenthak
Nanging bocah lanang cacah telu
Mlayu-mlayu ngawasi ndhuwur
Panguwasa angkasa
Kang kagawe saka dluwang
Nembe wae kaprajaya
Dening mungsuhe
Raga tanpa daya
Kagawa pasrah karo playune angin
Bocah lanang nomer telu
Kanthi langkah cekat-ceket
Nggayuh benang praja
Kasigeg playune raga tanpa daya
Tandha juwara sayembara



Pasar Pahing


Pasar pahing
dening : Melanti Rizkiyah

Pedhut  klawu
Nggubeng sakupenge dhusun
Nadyan dina isih pajar
Nadyan hawa adhem njalari asrep
Pawongan kemulan sarung
Padha mlaku iring-iringan
Bebarengan
Tumuju pasar pahing
Ana pucuking  dhusun
Wis rame pawongan
Wis rame dagangan
Samubarang samapta
Pasar kang binukak seminggu pisan

Dadi tujuning utama

Keduwung

Keduwung
dening : Melanti Rizkiyah

          Sumitra..rungokna apa kang dadi sambatku
          Nalika semana
          Cilikanku gembeng
          Bapak  biyen duka
          Merga aku ora gelem sinau
          Biyung nangis nggugu mikiri aku
          Simbah wis ora pagah
          Saiki aku susah sumitra
          Urip tanpa rasa bungah
          Urip tanpa panggayuh
          Sumitraku..nalika awakmu lungkrah
          nggayut lintang
          sawanga aku ana mburi
          kamangka awakmu  bakal  wurung
          ngandheg jangkahmu
          Terusa mlaku
          Tanpa kendhat

          Tanpa sumelang

Segara regedan

Segara regedan
dening : Melanti Rizkiyah

          Sing disawang amung regedan
          Urip manungsa sansaya ngedan
          Karepe sing sarwa instan
          Sing ditemoni amung runtah kagawa ombak
          Wungkus-wungkus plastik tanpa itungan
          Pating slerah ana pinggiring segara
          Segara segara tanpa rupa
          Merga segara, segara regedan
         



Aja diparengake

Aja diparengake
dening : Melanti Rizkiyah

          Aja diparengake kupu nangis
          Aja diparengake manuk-manuk ndhekuku
          Aja diparengake ilining banyu asat
          Aja diparengake angin ngandheg playune
          Aja diparengake lemah gundul tanpa tanduran
          Aja diparengake tangis bayi pecah
          Mbeset awang-awang
          Aja diparengake wong tuwa kelangan sembada
          Aja diparengake jerit wong luwe kaprungu
          Aja diparengake  wong lara kentekan obat
          Aja diparengake wong mlarat
          Ora kajatah papan
          Aja diparengake wong papa
          Ora kasambat
          Aja diparengake wong mati ora karumat
          Aja diparengake lintah nyedhot getihing lembu