Kelangan
dening : Melanti Rizkiyah
` Isih
esuk
Nanging
grimis wis wiwit tumiba
Isih
esuk
Nalikane
kowe pamitan lunga
Udan
ing jaba kana durung asat
Nanging
nangapa age mangkat
Mengko
dhisik kandhaku
Nanging
kowe wis kebacut mlaku
Aku
tak nyegat ana dalan kana
Nanging
kowe malah metu dalan liya
Jare
rasa iki tenanan
Nanging
sing tak delok amung dolanan
Jare
aku kon ngenteni
Nanging
kabeh kuwi amung ngapusi
Desember
gawe cuwa
Desember
gawe ati lara
Tidak ada komentar:
Posting Komentar