Selasa, 10 Juni 2014

Manungsa Serakah, Lingkungan Brubah



MANUNGSA SERAKAH, LINGKUNGAN BUBRAH

Manungsa lan lingkungan iku 2 perkara kang tansah nduweni gegayutan lan ora bisa dipisah siji lan liyane.Manungsa njupuk maneka warna sumber saka alam kanggo panguripanne.semana uga alam uga perlu diopeni dening manungsa.Yen salah siji saka perkara 2 iki mau uwal saka paugeran kang samesthine,mangkone bakal agawe bebendu kang bisa ngrusak tatanan alam lan manungsa uga.Nanging,yen dicermati kanthi permati,kang luwih akeh ngrusak tatanan alam iku manungsa.Amarga serakahe,andadeke manungsa mau ilang pangrasane marang alam sekitar.Dampakke,alam walik murka marang manungsa,lan maneka warna bebendu kayata banjir,longsor,lan liya-liyane balik nrajang manungsa.Yen wis kaya mengkono mau,manungsa lagi gelem sadar marang kaluputan kang wus ditumindakake.
Pramila mligine manungsa kang kudune bisa njaga lan ngupakara lingkungan,kula panjenengan kudu ngerti lan kersa anindakake prinsip-prinsip etika lingkungan.Utawa luwih jelase kepiye carane duwe gegayutan kang apik karo lingkungan lan kepiye carane ngupakara lingkungan kang bener.Prinsip-prinsip iki mau cacahe ana 9,yaiku:
1)    Hormat,iki ateges manungsa kudu nduweni rasa hormat marang alam minangka karya agunging gusti kang akarya jagad.Carane bisa kanthi ora sawenang-wenang yen angulah alam.Ngrusak alam bisa diarani ora ngurmati karyaning gusti.
2)    Tanggung Jawab,ateges manungsa diciptakake dening gusti sepisan kanggo ibadah kapindhone minangka khalifah ing donya kang nduweni tuga njaga lan ngupakara alam saisine.Manungsa oleh njupuk apa wae saka alam ananging tetep nduweni tanggung jawab babagan lestarining linkungan.
3)    Solidaritas,ateges manungsa lan alam kudu nduweni tepa slira.Manungsa kudu gelem mikir yen alam kuwi ora kanggo dieksploitasi sakepenake dhewe,ananging kudu nduweni rasa solidaritas yen weruh alam kang mulai rusak kudu gelem amulihake kaya maune amrih alam uga bisa menehi manfaat kanggo manunungsa.
4)    Kasih Sayang,ateges alam iku uga butuh ditresnani lan disayangi.Ananging kasih saying mau ora kaya tresna tumrape manungsa,Rasa tresna mau bisa awujud ora ngrusak lingkungan,njaga asrine lingkungan lan liyane.
5)    Ora agawe rugi,ateges manungsa bisa manfaatake apa wae kang ana ing alam,ananging kanthi imbal balik alam uga kudu diopeni kanthi premati dening manungsa.Aja nganti manungsa bisane amung njupuki sari-sarine alam ananging wegah mbalekake kaya maune.Iki kang bakal gawe rugining linkungan lan uga gawe rugi manungsa sasamane.
6)    Urip Prasaja,ateges urip iku ora kudu abyor dening maneka warna banda donya kang amung pengin disawang dening manungsa liyane.Nanging,urip iku becike bisa manfaatke apa wae kang ana ing alam lan urip sesandhingan kanthi apik karo alam.
7)    Keadilan,ateges kula panjenengan anggone ngrasakake manfaat saka alam uga kudu dilandhesi dening rasa adil marang sasama.Aja Nganti njupuk manfaate saka alam amung kanggo nyukupi kapentingane dhewe tanpa mikirke wong liya.Kula panjenengan kudu bisa mikir piye carane mbagi manfaat saka alam mau kanthi cara adil marang sasama.
8)    Demokratis,ateges kula panjenengan dibebasake anggone nyuwarakake apa bae babagan lingkungan,utamane bab pelestarian lingkungan.Oleh wae paring atur panyaruwih yen nemahi perkara kang gegayutan karo lingkungan.
9)    Integritas moral,ateges kula panjenengan kudu bisa nata pamikir lan uga moral kanthi pamikiran,kula panjenengan iki urip sesandhingan karo alam lan manungsa liyane.Kula panjenengan kudu nduweni pamikir kepiye supayane manungsa lan alam iku padha-padha entuk manfaat saka siji lan liyane.Kanthi cara pamikir kang logis kanthi lelandhesan moral kang becik.


Kaya mangkono mau andharan ing nduwur babagan etika lingkungan utawa gegayutan kang becik karo linkungan kanthi pangajab,kula panjenengan bisa nduweni sikap lan pamikiran kang luwih becik tumrap lestarine lingkungan.Amarga kula panjenengan iki kinarya ciptaane gusti kang dadi wakil gusti ing alam donya  kang tinitah dening gusti kanggo ngupakara alam lan saisine.


##MATUR NUWUN##

1 komentar:

  1. Online Casino Site | ⚡️️ Bonus Codes - ChoJu Casino
    The best online 메리트카지노 casinos ⚡️ List worrione of all the latest ⚡️ online casinos ⚡️ ✓ New 카지노사이트 & Existing Players Only.

    BalasHapus