Selasa, 10 Juni 2014

Ngoyak Layangan

Ngoyak Layangan
dening : Melanti Rizkiyah

Cahyane srengenge awan iki
Banget ngenthak-ngenthak
Nanging bocah lanang cacah telu
Mlayu-mlayu ngawasi ndhuwur
Panguwasa angkasa
Kang kagawe saka dluwang
Nembe wae kaprajaya
Dening mungsuhe
Raga tanpa daya
Kagawa pasrah karo playune angin
Bocah lanang nomer telu
Kanthi langkah cekat-ceket
Nggayuh benang praja
Kasigeg playune raga tanpa daya
Tandha juwara sayembara



Tidak ada komentar:

Posting Komentar