Aja
diparengake
dening : Melanti Rizkiyah
Aja diparengake kupu nangis
Aja diparengake manuk-manuk ndhekuku
Aja diparengake ilining banyu asat
Aja diparengake angin ngandheg playune
Aja diparengake lemah gundul tanpa
tanduran
Aja diparengake tangis bayi pecah
Mbeset awang-awang
Aja diparengake wong tuwa kelangan
sembada
Aja diparengake jerit wong luwe
kaprungu
Aja diparengake wong lara kentekan obat
Aja diparengake wong mlarat
Ora kajatah papan
Aja diparengake wong papa
Ora kasambat
Aja diparengake wong mati ora karumat
Aja diparengake lintah nyedhot
getihing lembu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar