Selasa, 10 Juni 2014

Grobag Runtah

 Grobag Runtah
dening : Melanti Rizkiyah

Sadina-dina
Uripku
Amung ndhorong grobag
Nanging dudu grobag
 isi cacahan daging bunder
dudu grobag
isi ronde
dudu grobag
isi bubur lan sakwarnane
grobagku grobag tuwa
grobagku grobak runtah
ambu banger tansah semriwing
kewan laler tansah ngiter
sok-sok malah ana uler singgat
ugat-uget ana grobagku
kanggoku
kabeh mau ora dadi ngapa
tinimbang dadi pejabat
kadya uler singgat ana grobag
mbrakoti daginge wong papa


Tidak ada komentar:

Posting Komentar