Sabtu, 07 Juni 2014

Anakku

ANAKKU
dening : Melanti Rizkiyah

Rungokna welinge yayah wibi
Ngger- angger gantilaning ati
Pyarsakna lan resepna jroning ati
Titah ora bisa uwal saka bebayaning margi
Mula tansah elinga marang kang kuwasa
Dimen kasembadan gegayuhanira

Ngger, nimas putraku
Anakku sing dakgadhang uripmu
Dadya wanita satuhu
Bisa ngluhurake rama ibumu
Aja lali uripmu
Manembah mring gustimu,,,,,

Tidak ada komentar:

Posting Komentar