Sabtu, 07 Juni 2014

Guritan Rembulan

GURITAN REMBULAN
dening : Melanti Rizkiyah


Mumpung bengi iki ana rembulan
Ketang sacuwil, ayo enggal ngungal kekidungan
Sawenane gegayuhan
Sing durung kecekel lan mrucut saka petung

Mumpung bengi iki ana rembulan
Impi-impi sing durung dadi kasunyatan
Enggal takokna: apa sing dadi sandhungan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar