Sabtu, 07 Juni 2014

Rodha Panguripan



“ RODHA PANGURIPAN “
 dening : Melanti Rizkiyah

Soroting surya ambabar langit ing sisih wetan, kairing dening jago kang kluruk sesautan. Mega katon sumurat abang, hawa seger nlusup nganti balung sumsum, embun isih tumetes nelesi gegodhongan. Desa cilik ing sangisore gunung ungaran aran desa Sidomukti, esuk iku wis katon regeng dening wong-wong kang ana ing desa iku. Ana sing budhal menyang sawah, ana kang budhal kerja ing pabrik, bocah-bocah padha pamitan budhal menyang sekolah, lan uga wong-wong liyane kang budhal makarya kaya biasane. Ing desa iku ana sawijine bocah lanang enom jenenge Bagaskara Kartodipura, nanging kerep diundang bagas. Bagas iku dasare bocahe bagus, lan uga sregep. Bagas iku anake wong kang ora duwe, uripe mung pas-pasan. Bapak ibune mung saprenah tani kaya wong ing desa umume.
“Le, bapak tak budhal menyang sawa dhisik ya. Kae mengko sapine dipakani suket sing wingi. Iki bapak tak ngarit maneh kanggo pakan mengko awan!” ujare bapakne bagas..
“ inggih pak, kaleresan mangke kula ugi wonten sabin mangke suketipun kersane kula ingkang bekta wangsul.” Bagas mangsuli.
“ O iya , aja lali mengko ibumu kon gawake wedang kanggo bapak, ya??” Tambahe bapakne bagas  sinambi njupuk arit.
“ Ngestokaken dhawuh, Pak.” Jawabe Bagas.
Kaya mangkono mau kang dadi pagaweane Bagas lan keluargane saben dinane, pancen dhasare wong tani. Sanajan hasile mung cukup kanggo mangan, nanging kabeh  mau dilakoni kanthi seneng lan jembare manah.
Wektu wis watara jam 11 awan, wis wayahe wong-wong ing sawah padha leren. Ibune Bagas wis tekan sawah karo gawa wedang lan sega gudhangan kang dadi senengane Bagas  lan bapakne. Kabeh banjur padha leren lan ngrahapi masakane ibune Bagas. Wong-wong wis padha bali, ana kang manggul suket la nana uga ana kang nggiring sapi kang nembe wae kanggo ngluku sawah, saka kadohan ing sawah liyane isih katon wong-wong wadon kang isih padha tandur, sanajan wis wayahe leren.
“Yu,,,,,,yu,,,,leren dhisik, iki leren ngunjuk dhisik rene!” Ibune Bagas mbengoki wong-wong kang isih padha tandur.
“ Nggih, matur nuwun, mbakyu!” wangsulane wong-wong kang isih padha tandur.
“ Pak, sukete mangke kersane kula ingkang bekta wangsul, bapak nitih sepedhane kula mawon! Jaluke Bagas.
“ Ora, le. Sukete bapak wae sing gawa, sisan bapak isih arep nambak banyu sing sisih kidul kae. Sepedhane gawanen bali wae sisan mediguyang wong kayane rada reged kae.” Wangsulane bapake.
“ Nggih sampun Pak menawi mekaten.” Jawabe bagas alon.
Wengine, Bagas lan wong tuwane lungguh ana ing ruang tamu sinambi cecaturan ngalor ngidul. Ing kono Bagas arep ngomong karo wong tuwane bab kang wigati kang jan jane pengin diomongke wit wingi. Bagas pengen ngomong marang wong tuwane yen dheweke pengen lunga kerja menyang kutha kanggo nyukupi kabutuhane keluargane.
“ Pak, kepareng kula matur?” Bagas celathu.
“iya, ana apa le?” bapakne mangsuli.
“Mekaten pak, kula kepengin nyobi nyambut damel dhateng Jakarta pak mbok menawi mangke wonten mrika kula saged pikantuk padamelan ingkang langkung sekeca.” Kandhane Bagas
“ Kena apa kudu menyang Jakarta, apa ana kene kowe wis ora bisa nemokake pagawean kang kepenak? Jawabe bapakne kanthi swara kang banter.
“ Boten ateges mekaten pak, mbok menawi mangke wonten Jakarta kula saged pikantuk pengalaman ingkang langkung kathah.” Tambahe Bagas.
“ Jakarta iku kutha gedhe, wengis, yen ora ati-ati gawa awak bakale cilaka mengko ing kana.” Ature bapakne.
“ Iya le, mbok wis ning desa wae. Kae sawahe bapakmu garapen, mengko hasile gawenen modal usaha ana kene!” ibune nambahi.
“ Nyuwun pangapunten, pak, Bu. Boten ateges kula nampik aturipun bapak saha ibu. Ananging, minangka netepi kewajibanipun kula minangka putra, keparenga kula nyuwun palilahipun bapak saha ibu.” Jaluke Bagas lirih.
Kanthi rasa kang abot, nanging ing pungkasane Bagas entuk budhal menyang Jakarta dening wong tuwane. Kanthi modal tekad kang kuwat, lan donga saka wong tuwane, Bagas budhal menyang Jakarta.
Esuk gasik kira-kira jam 5 esuk Bagas wis tekan terminal Lebak Bulus. Bagas banjur mikir arep menyang endi. Pungkasane Bagas golek kontrakan kanggo manggon sasuwene ing Jakarta. Sawatara suwe Bagas golek kontrakan, Bagas entuk kontrakan kang rada murah, dibayar separo dhisik nganggo dhuwit sangune. Wis kira-kira 3 dina Bagas golek Pagawean, nanging during entuk hasil. Pancen susah golek pagawean kanggone lulusan SMA kaya dheweke iku. Begjane, sawijine dina Bagas nglamar ing salah sijine perusahaan periklanan. Bagas melu test, Alhamdulillah Bagas ketampa. Bagas bungah banget, sanajan wiwitan dheweke nyambut gawe entuk posisi kang endhek, nanging dhasar bocahe sregep lan rikat agawe pimpinane seneng banjur jabatane diunggahake dadi manajer. Sanajan wis oleh jabatan kang dhuwur dheweke ora lali marang  wong tuwane lan wong-wong sakiwa tengene. Dheweke tansah andhap asor. Ing papan pagawean kono uga dheweke kenal sawijine wanita kang agawe Bagas mambu ati marang dheweke.
“ Maaf mbak, saya Bagas pegawai baru disini, boleh saya berkenalan dengan mbak?” Bagas mbukani rembug.
“ O,,,iya mas kenalkan saya Ratih, mas saya juga baru 3 bulan kerja disini. Mas asli dari  Jakarta?” ita kang aran ratih mau takon.
“  Tidak, mbak. Saya asli dari Semarang. Kalau mbak sendiri dari mana?” jawabe bagas.
“ Wah, berarti kita satu daerah, Mas. Saya juga asli semarang.” Jawabe Ratih teges.
“ Saged micanten basa jawa tha, mbak?” Bagas takon maneh.
“ Inggih,mas.” Jawabe Ratih cekak.
Sawise kenalan iku Bagas tansaya raket karo ratih. Dina ganti dina, wulan ganti wulan, Bagas mulai ana rasa tresna marang Ratih. Ora salah yen ana bebasan “ tresna jalaran saka kulina “ amarga kerep ketemu lan srawung saben dina Bagas dadi duwe rasa kang beda karo Ratih. Lan pangrasane Bagas ora tinampik dening Ratih, amarga Ratih uga duwerasa kang padha karo Bagas. Sawise Bagas ngomongake isi atine, Ratih mbukak atine kanggo Bagas. Pungkasane kekarone banjur pacaran. Ing mulane kabeh katon nyenengake lan guyub rukun. Nanging ing wulan sabanjure banjur mulai ana gonjang-ganjing antara kekarone. Beban gaweane Bagas saya akeh, ndadeake wektune kanggo Ratih dadi sithik. Ratih dhasare wonge pengin digatekake terus, meruhi kahanan kang kaya mangkono Ratih krasa ora digatekake, banjur Ratih nesu marang Bagas. Bagas saya mumet amarga gaweane numpuk lan uga lagi ana masalah karo Ratih. Sabubare kerja Ratih ngajak Bagas mangan bareng lanuga saperlu ngomong akeh marang Bagas.
“ Mas, apa sliramu wis ora tresna maneh karo aku?” Ratih takon.
“ Ora tresna piye maksudmu, dik?” Bagas balik takon.
“ Wis mas aja digawe dawa, panjenengan milih aku apa pagaweane panjenengan?” Ratih takon maneh.
“ Dik, aku nyuwun tulung. Sliramu lhak ya ngerti yen gaweanku lagi akeh lan aku uga duwe tanggung jawab kang gedhe kang ora bisa tak tinggalke, aku mung njaluk tulung sliramu bisa ngerteni aku!” jaluke Bagas.
“ Wis, saiki njenengan milih aku apa pagawean?” Ratih negesake.
“ Mbuh,dik. Minggu iki aku arep cuti dhisik, aku arep mulih tilik bapak ibu sisan ngleremake piker sisan mikirke piye kepenake aku lan sliramu. Yen sliramu gelem tak jaluk sliramu gelem nunggu aku. Yen ora, aku lila yen sliramu golek gantine aku.” Jawabe Bagas teges.
Dina Jum’at Bagas bali menyang Semarang melu sepur kang mangkate Jam 4 sore. Ing jero sepur nyawang menyang njaba. Katon srengenge surup, angslup ing sisih kulon ana mburine gunung. Bagas bali kanthi gawa manekawarna prakara kang kudu dipikir. Lingsir wengi ngiringi lakune sepur. Jam 5 esuk Bagas tekan Semarang. Bali menyang desa kang wis suwe dheweke tinggal. Dheweke banjur golek angkutan umum tekan desane, ing pojokan desa dHeweke mudun. Sanajan gawa gawan akeh  lan rada kabotan, nanging dheweke tetep pengin mlaku, karo nyawang desane kang wis suwe ditinggal, kabeneran uga bisa pethuk karo tangga-tanggane. Tekan omah dheweke langsung sungkem karo bapak ibune. Bapak Ibune ngelus putrane kang saiki wus bisa mapan iku, bisa ngangkat drajat wong tuwane. Bagas banjur leren kanggo nenengake pikire. Wayah wengine banjur dheweke crita akeh marang wong tuwane.
“ piye, le. Anggonmu nyambut gawe ana Jakarta. Lhak ya lancar-lancar wae ta?”bapake takon.
“ Alhamdulillah,Pak. Kaleresan kula pikantuk padamelan ingkang sekeca, kanthi jabatan ingkang lumayan, pramila kula saged kirim arta dhateng bapak ibu saben wulanipun.” Jawabe Bagas.
“ Ya Alhamdulillah yen mangkono, tandhane kowe sumbut karo kekarepanmu mbiyen!” bapakne nambahi.
“ Nanging, tak sawang kok sliramu kok kaya lagi ana bab abot sing dipikir,le. Ana apa?” ibune genti takon.
“ Ehmmm,,,,,,Inggih bu, Sejatosipun kula ugi nembe wonten setunggal prekawis ingkang damel kula kepikiran, kula gadhah kanca wanita, blaka mawon kula tresna kaliyan piyambake lan samenika ugi sampun sesambetan, ananging piyambakipun radi kirang mangertosi karepotan kula, menika ingkang dados pikiran kula!” Bagas njlentrehake.
“ Ngene,le. Kowe minangka wong lanang yen pancen kowe tresna kowe kudu bisa gawe dheweke ngilangi sifate kang kaya mangkono iku. Yen pancen kowe tenan tresna, ora ana salahe yen kowe nembung dheweke supaya dadi sisihan uripmu.” Bapakne negesake.
“ Iya, le. Saiki kowe lhak ya wis mapan, wis duwe penghasilan dhewe. Wis wayahe kowe omah-omah.” Ibune nambahi.
“ Ngestokaken dhawuh,,,,,menawi bapak lan ibu ngersakaken kados mekaten, kula namung saged ngestokaken kemawon. Badhe kula laksanakaken punapa ingkang dados nasihatipun bapak ibu.” Jawabe Bagas teges.
Ing pungkasan, kanthi pandonga lan pitutur saka wong tuwane Bagas bali menyang Jakarta. Saiki nyambut gawene tansaya sengkut, jabatane uga tambah dhuwur maneh amarga sregepe dheweke. Lan babagan dheweke lan Ratih saiki Ratih wis sadar yen beban gaweane Bagas akeh, mula saiki dheweke gelem mangerteni gaweane Bagas. Ing sasi ngarepe Bagas banjur nglamar Ratih, wong tuwane Ratih seneng nduweni calon mantu kaya Bagas, Sesai sawise iku Bagas nikah karo Ratih. Saiki apa kang dadi kekarepan uripe Bagas wis kelakon, pancen urip iki kaya rodha, ana kalane wong ing ngisor ora diajeni, rumangsa endhek. Nanging yen wis wancine, wong bisa nggayuh kamulyaning uripi, nanging kudu gelem rekasa dhisik, lan ora lali nyuwun marang gusti kang kuwasa. Amarga uripe manungsa iku wis diatur dening gusti kang murbeng jagad.


*****

Tidak ada komentar:

Posting Komentar