“ SLAMET MENYANG KUTHA ”
dening : Melanti Rizkiyah
Kacarita ing desa
sekarwangi wargane urip guyub rukun, sesrawungan lan pirukunan kanthi apik.
Akeh saka wargane kang nyambut gawe dadi petani, liyane ana kang kerja ana
pabrik lan uga ana kang coba ngudi nasib menyang Sumatra lan Kalimantan. Slamet,
salah sawijine nom-noman ing desa iku. Dheweke lagi wae lulus SMA, lan duwe
pepenginan kuliah ing Semarang. Slamet matur karo wong tuwane bab pepenginane
dheweke kuwi, sadurunge wong tuwane pancen ora nyarujuki. Ya,,,ngelingi
keluargane kang among petani biasa kang uripe pas-pasan, nanging ngerti
kekarepane Slamet kang sajake tenanan, wong tuwane banjur luluh atine. Mbuh
kepiye carane, wong tuwane tansah ngupaya supayane Slamet bisa kuliah.
Kabeneran Slamet isih duwe ingon-ingon sapi cacah loro, iku bisa didadeake
modal kanggo kuliahe Slamet.
“Le, kae isih ana sapi 2
ingon-ingonmu. Piye yen didol kanggo modal kuliahmu?” bapakne takon.
“ Nggih, kula manut
mawon,Pak. Ananging mangke menawi wonten kabetahan ingkang ndadak lan
mbetahaken ragad kathah lajeng pripun, pak?” jawabe Slamet.
“Wis, kuwi urusan mengko,
sing penting kowe isa kuliah dhisik.” bapakne nambahi.
“ Inggih, pak.” Slamet
manthuk.
Pungkasane slamet banjur
daftar ing UNNES liwat jalur SPMU, ananging kang kapisanan iki during dadi
rejekine Slamet. Dheweke during ketampa, nanging dheweke ora nglokro, malah
tambah sengkut anggone sinau. Ing wancine pendaftaran SNMPTN dibukak, slamet
daftar maneh. Saiki kanthi niat kang kuat sarta donga, Slamet
yakin yen dheweke bakal ketampa. Dina ujian kang dienteni wis teka, Slamet
njaluk pangestu marang wong tuwane lan mangkat ujian. Slamet nggarap soal ujian
kanthi tenanan, ing pangajab muga-muga dheweke bisa lolos.
Wis meh sesasi Slamet
nunggu, lan dina kuwi apa kang ditunggu-tunggu bakal teka. Slamet nampa layang,
bareng dibukak jebul isine pengumuman yen Slamet ketampa ing UNNES. Slamet
banget bungahe, banjur matur marang wong tuwane.
“ Pak,,,Bu,,,,kula ketampi
wonten UNNES,,,kula ketampi!” Slamet bengak-bengok karo jingklakan.
Bapak lan Ibune kang
krungu banjur nyedhaki Slamet, banjur ujar, “ Alhamdulilah,,,,,le, apa kang
dadi kekarepanmu saiki keturutan.” Ujare ibune.
“ Iya, le. Muga-muga iki
bisa dadi dalan uripmu ya, le?” bapakne nambahi.
“ Amin,,,,,sedaya saking
pangestunipun bapak lan ibu.” Slamet nambahi.
Slamet pancen bungah,
nanging isih ana siji kang ganjel ing ati. Kanggo kuliah iku Slamet kudu
nyiapake dhuwit 13 juta minangka uang masuk. Slamet rembugan karo wong tuwane,
lan pungkasane sapine Slamet kang cacah 2 didol. Alhamdulilah,,,,nyukupi kanngo
bayar kuliahe Slamet lan isih ana luwihane sithik bisa kanggo sangune Slamet.
Esuke, Slamet budhal
menyang semarang. Sakdurunge budhal, Slamet pamitan karo wong tuwane karo
nyuwun pangestu marang wong tuwane. Saiki, Slamet bocah saka desa budhal menyang
kutha kanthi niat siji, ngudi ilmu kanggo mulyaning urip.
Ora krasa bis sing
dinunuti Slamet wis tekan semarang, slamet cepet-cepet mudun lan golek angkutan
menyang UNNES. Slamet gumun weruh kahanane Semarang kang rame lan sarwa modern,
apa maneh nalika mlebu ana kampus UNNES.
“ Wah, kampuse kok apik
tenan ya? Gedhunge duwur-duwur, jan bedha tenan karo ning desa.” Batine Slamet.
Sawuse muter-muter kampus,
slamet banjur golek kost kang cedhak karo kampuse. Kabeneran Slamet entuk
kos-kosan sing rada cedhak karo kampuse lan uga lumayan murah, dadi Slamet bisa
rada ngirit. Dina sabanjure Slamet registrasi ulang minangka mahasiswa anyar
lan uga melu Program Pengenalan Akademik ( PPA ) kang ditujuake kanggo
mahasiswa anyar. Kabeh mau bisa dilakoni Slamet kanthi lancer. Ora krasa Slamet
wis mulai dina pertama kanggo kuliah, dheweke mangkat gasik. Ing papan kuliah
Slamet kenal lan srawung karo kanca-kanca anyare, salah sijine yaiku siska.
Sanajan ora saka jurusan basa Jawa nanging Slamet wis kenal wiwit PPA. Sanyatane,
slamet mambu ati marang SIska, nanging sajake Siska isih rada males cedhak karo
Slamet, ya amarga Slamet isih anyar kekancan karo dheweke lan penampilane
Slamet kang isih ndesa, during bisa ngimbangi penampilane Siska kang modis.
Slamet ngerti apa sebabe Siska ora gelem cedhak karo dheweke. Ing jero ati
Slamet niat dandani penampilane kepiye wae carane. Dheweke banjur paring kabar
menyang kampug lumantar telfon. Dheweke telfon ibune arep nyuwun dhuwit,
alesane kanggo tuku buku. Kamangka sejatine ora, malah kanggo dandani
penampilane.
“ Assalamualaikum, bu niki
Slamet, pripun kabare, lhak nggih sugeng tha, bu? “ takone Slamet”
“ Waalaikumsalam, e,,,kowe
tha, le. Alhamdulilah ibu karo bapak sehat-sehat wae, lha awakmu piye?” ibune
mangsuli”
“ Alhamdulilah,
pangestunipun, bu. Nuwun sewu, ingkang putra kepareng matur sekedhik bu? “
Slamet takon maneh “
“ Iya, ana apa ta, le? “
Ibune sajak penasaran.
“ mekaten bu, samenika
lhak sampun sewulan anggen kula kuliah. Lha menawi kepareng, kula badhe nyuwun
arata kangge tumbas buku, bu?” Slamet nerangake “
“ Lha butuhe pira, le? “
ibune takon maneh.
“ 300ewu mawon,bu? “
jaluke Slamet.
“ walah,,,lha kok akeh
nemen. Ya, yen saiki ibu durung ana dhuwit, yen bisa 3 dina maneh mengko ibu
kirimi, piye?” takone ibune.
“ inggih, boten
napa-napa,bu. Matur nuwun sanget,bu.” Slamet mangsuli.
Bareng ditunggu 3
dina,kiriman dhuwite Slamet saka ibune wis tekan. Nanging dhuwit sing saka
ibune iku, ora dianggo kanggo bayar buku kaya sing diomongko ing telfon.
Nanging, malah kanggo blanja ing mall lan kanggo dandani penampilane. Saiki
slamet wis katon modern, penampilane wis ora ndesa kaya mbiyen maneh. Lan uga
saiki srawunge karo bocah-bocah sing modis. Slamet banjur kerep dolan karo
kanca-kanca anyare, amarga saiki akeh kang nyedhaki slamet, lan slamet saya
anggak sifate, ora kaya sing biyen maneh. Lan kang wigati maneh, saiki Slamet
lali marang kuliahe.Dheweke wis lali marang tanggung jawabe, lan uga lai marang
tujuan utamane dheweke kuliah kaya kang digadhang-gadhang nalika bubar lulus
SMA biyen.
Siska sing biyen wegah
cedhak karo Slamet saiki sewalike malah balik nyedhaki Slamet.
“ Slamet,,,,,slamet?”
undange siska.
“ Eh,,,,Siska, ana apa,
Sis?” takone Slamet.
“ ora ana apa-apa kok,
lagi pegen malku bareng kowe wae.” Jawabe siska.
“ Tenan, mung pengin mlaku
bareng wae? “ Slamet takon.
“ Hmmm,,,,ya jane ana sing
pengin tak omongke marang kowe, ning aja ning kene ah.” Jawabe siska.
“ arep ngomong apa lan
ngapa kok ora ning kene?” slamet penasaran.
“ ya pokoke ana, saiki
menyang taman wae kayane luwih kepenak yen omong-omongan ing kana.” Ajake
Siska.
Bocah loro iku banjur
menyang taman, ing kana padha ngobrol ngalor ngidul nganti Siska ngomong apa
sejatine apa kang dheweke rasake lan pengin diomongake marang Slamet. Siska
ngomong yen dheweke tresna marang Slamet lan pengin dadi pacare Slamet. Krungu
kang kaya ngono iku, Slamet kaya diumbulake atine, Slamet dadi tambah anggak.
Biyen, Siska nyedhaki dheweke wae wegah. Nanging saiki kok malah mara menyang
dheweke lan njaluk dadi pacare, iku kang gawe Slamet tansaya anggak rumangsa
wis dadi lelananging jagad. Pungkasane, saiki Siska dadi pacare Slamet. Slamet
tansaya lali marang kuliahe, lan luwih akeh wektune kanggo Siska.
Ing pungkasane sasi iki
Slamet mulih menyang desane, karepane pengin tilik wong tuwane lan pengen
ngerti kahanan desane sing wis suwe dheweke tinggalake. Ya, pancen ing desane
mung Slamet kang bisa kuliah, kanca-kancane malah padha kerja sawise lulus SMA.
Dening warga desane Slamet dianggep dadi salah sawijine wong kang mumpuni bab
ilmu, apa maneh dheweke kuliah ana jurusan basa Jawa, kang kudune tata kramane
luwih tinimbang wong liyane. Nanging pranyatane, sanajan wis kuliah sawatara
suwe, nanging mung sithik ilmu sing bisa dijupuk dening Slamet. Iki amarga
dheweke ora temen anggone kuliah. Lan prakara iki kadadeyan nalika Slamet
dijaluki tulung dening tanggane.
“ dik slamet, sekedhap
malih kula badhe ngemah-emahaken putrane kula. Lha, menawi saged kula nyuwun
tulung dik Slamet dados pranatacara wonten pahargyan samangke,pripun?” takone
tanggane.
“ Hmm,,,,wadhuh, kula
boten pikantuk kuliah bab menika pak, dadose kula nggih dereng saged, Pak.”
Jawabe Slamet rada isin.
“ lho,kedahipun mahasiswa
basa Jawi lhak pikantuk pasinaonan babagan menika , ta? Napa nggih dik Slamet
dereng pikantuk?” tanggane ndedes.
“ inggih, pak. Saestu kula
dereng pikantuk. Nyuwun pangapunten sanget nggih, pak?” wangsulane Slamet.
“ O nggih mpun, matur
nuwun nggih, dik slamet?” Tanggane mungkasi.
“ Inggih, sami-sami pak.”
Jawabe Slamet.
Iku anuduhake yen Slamet
ora bisa njupuk ilmu kang wus diwulangake dening dosene. Nalika kuliah,
sabenere Slamet wis entuk kuliah bab pranatacara, nanging amarga ora nggatekake
lan arang mlebu kuliah dadine ya ora saguh nalika dijaluki tulung dadi
pranatacara. Slamet wis lena dening abyoring donya lan wus ora mikir maneh
babagan kuliahe. Sing ana ing pikirane among seneng-seneng, lan lai marang
kewajibane kang wus dadi tujuan sabenere nalika arep ndaftar kuliah. Saiki
Slamet wis lena, saiki slamet wis ora kaya mbiyene. Muga-muga Slamet enggal
sadar marang kaluputane kuwi, utamane maneh yen kaweleh nalika dijaluki tulung
karo tanggane kaya mangkono mau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar