Sabtu, 07 Juni 2014

Swaraning Ati



SWARANING  ATI
dening : Melanti Rizkiyah


Kanthi sumilire angin wengi iki
Anggawa gandaning kembang asmara
Kang tansah hangambar aroma wangi
Puspaning ati kang lagi ketaman asmara

Binarung swara gendhinging hyang widhi
Sinandhing swara ing jero atiku iki
Hambabar angkasa raya
Hanggeterake ambaning bhumipala

Kanthi sineksen langit lan bumi
Tan bisa cinidra,tan bisa kasuda
Tresnaku amung siji ing ati iki
Amung kanggo sliramu nimas
Pangajabku,,,,dhuh pepujaning ati
Sliramu bisa nampa puspa tandha tresna iki
Sanajan aku iki mung wong papa
Nanging tresna iki tanpa upama


Tidak ada komentar:

Posting Komentar