Sabtu, 07 Juni 2014

Tresnaku tan Rinanggih

TRESNAKU TAN RINANGGIH
dening : Melanti Rizkiyah


Wus suwe aku angenteni
Wus suwe aku tansah anganti-anti
Kembanging ati,mustikaning katresnan

Ananging ana apa
Ing wancine aku nemokake sliramu
Ing wancine aku tresna marang sliramu
Katresnanmu tan bisa rinanggih,nimas,,,,,,

Katresnanmu kapinuju marang wong liya
Ngapa kudu kae,Ngapa ora aku

Ya,,, pancen sliramu dudu jodhoku
Sliramu durung bisa sesandhingan karo ingsun
Kuwi kabeh mau kersane gusti kang maha kuwaos

Aku lila,,,nimas,,,aku lila
Sanadyan ati iki kelara-lara

Pangajabku,,,,,,nimas
Muga sliramu tansah pinaring kasugengan
Sinandhing karo priya pilihanmu
Kang dadi mustikaning atimu

Nanging,,,,,elingana nimas
Sanajan aku ora bisa antuk katresnanmu
Sliramu bakal dadi mustikaning atiku
Wiwit saiki naganti pungkasing jaman


Tidak ada komentar:

Posting Komentar