Dalan
iki
dening : Melanti Rizkiyah
Prasasat tan kendhat
Anggonku lumampah ana dalan
krakal iki
Laraning cagak awak tanpa
rasa maneh
Kabeh mau merga tresnaku
Obormu kang makantar-kantar
Madhangi jangkah lan jagatku
Nanging saiki
Ana ngendi papanmu
Aku dewe ya ora ngerti
Kadya ceplik kasirep angin
Peteng dalan iki
Tidak ada komentar:
Posting Komentar