Sabtu, 07 Juni 2014

Sejatining Warangka


SEJATINING WARANGKA
dening : Melanti Rizkiyah

Kapan maneh swara padhang iku
Andum aceting kapang
Temah kasulistyanmu
Kang pindha madu anuruh cangkir
Emas, dadi mutiara marang gegamaning kalbuku

Yen cakrawala wis pepak pepacakan candhi ayu
Wadhahana paran prasetyaku
Tumetes ing jagad sucimu
Nimas, yaiku tumataning curiga
Amanjing warangka

Tidak ada komentar:

Posting Komentar