Selasa, 10 Juni 2014

Kidung Katresnan

Kidung katresnan
dening : Melanti Rizkiyah

Lumantar ungeling  kidung katresnan
Ingkang manjing ing penggalih
Angemba busananing prameswari
Tinon saking mandrawa
Galebyar pating calorot kadya kilat asesiring
Arum angambar-ambar gandhaning burat sari
Tumapaking nut tumataning babut prangwedani
Lon-lonan rerepeh-rerepeh
Satemah dadya sumawur kang sekar setaman
Rasa bungah nyusup ngebaki sela-selaning galih
Nalika dhaup karo pepujaning ati
Tri prakara kang tan kena kapurba

Dening panguwasaning manungsa

1 komentar:

  1. Top 20 Best Casino Sites for Real Money in 2021 - KT Hub
    Top 20 Best Casino Sites for Real Money in 2021 · #1 · #2 제주도 출장안마 · #3 · #4 익산 출장안마 · 동두천 출장샵 #5 · #6 · #7 · 용인 출장안마 #8 · #9 서울특별 출장샵

    BalasHapus