Sabtu, 07 Juni 2014

Pepagut Netra

PEPAGUT NETRA
dening : Melanti Rizkiyah


Lelungguhan jejeran ing kursi
Sinambi geguneman sarwa guyu
Kang tak sawang amung sliramu
Bocah ayu pepujan ati

Atiku gumeter nyawang sliramu
Pikiranku ngawang ing paran
Lathi iki tan bisa angucap
Amung amarga kesengsem marang sliramu

Pepagut netra anjalari tresna
Trena kang rumasuk ing raga
Anyawiji dening antebing jiwa
Muga tansah rinestu dening kang kuwasa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar