Kamis, 05 Juni 2014

Ora Kenyana-nyana




Ora Kenyana-nyana

dening : Melanti Rizkiyah

Srengenge wis sumurup ana sisih kulon, bebarengan kabeh sulak cahyane . Padhanging swasana wis kaganti dening pethenging wengi.
Gambarananing alam kang kaya mangkana kuwi, kira-kira ora beda adoh karo atine Baskara kang lagi nandang cuwa. Ana ing punthuk pucuk desa, Baskara nyoba ngeling-ngeling kedadeyan wektu biyen.
Dheweke keduhung, nengapa awake manut karo kekarepane wong tuwane loro. Nengapa dheweke manut dijodohake karo pilihane wong tuwane tinimbang karo wong wadon kang wis ngancani dheweke pitung taun lawase.
Kelingan anggone dhek jaman dheweke bareng karo Gendhis, kenya ayu sing banget ditresnani. Pancen pas antarane jeneng kaliyan kahanane.
Pasuryane banget ayune tur eseme..eseme kang gawe Baskara kebacut, pakulitane kuning khas wong Indonesia. Bocahe pinter tur sumeh karo sopo wae, malah-malah ana kang nyebut dheweke pinter anggone gegojegan, asring gawe kancane padha ngguyu kepingkel-pingkel. Padha kang dirasakake Baskara wektu iku. Dheweke bareng karo Gendhis wiwit kelas 1 SMA. Sedina-dinane sumringah merga ana Gendhis sing dadi sisihane.
Bocah loro mau kuwi wis padha ngucap janji yen bakal bareng salawase. Pancen akeh alangan kang teka, nguji prasetyaning bocah loro mau. Saka adohing panggonan kang misahake kelorone nganthi sing paling abot kanggo kelorone yaiku prekara jejodhohaning Baskara karo wong wadon liya pilihan wong tuwane.
Serba abot kanggo Baskara milih antarane kekarepan atine kaliyan pilihan wong tuwane. Baskara durung tau pisan-pisana mbantah apa kang dadi pepingine bapak lan ibune. Nanging iki prekara kauripane Baskara dhewe, apa iya dheweke bakal tetep manut. Kamangka sing nglakoni mengka ya Baskara dhewe. Wektu iku Baskara bener-bener ora bisa mikir, endi sing paling apik kanggo awake, yen rundingan kaliyan Gendhis, pacangane, yo mesti bae Gendhis ora bakal lila menawa Baskara nikah karo wong liya. Nanging Gendhis ora duwe daya kajaba amung bisa nangis sesenggukan ana ing ngarepe Baskara, lan masrahake kabeh karo keputusane Baskara.
Baskara bener-bener urip ana ing kungkungane wong tuwane dhewe. Baskara kudu manut apa kang dadi cita-citane wong tuwane loro kanggo Baskara. Biyen nalika Baskara kepengin kuliyah bareng Gendhis ana ing kutha Solo. Nanging dipenging karo wong tuwane, wong tuwane duwe karep yen Baskara tetep kuliyah ana ing kuthane dhewe, alasane supaya tetep cedhak karo wong tuwane, gampang anggone mirsani kahanane Baskara.
Nanging kanggo Baskara dhewe, kuwi ujian kang paling abot salawase dheweke urip, adoh karo wong wadon sing banget ditresnani.

Tekan dina neng endi Baskara kudu nemtotaken endi kang bakal dipilih dening Baskara. Wong tuwane loro terus bae ndhesek Baskara kanggo cepet-cepet anggone omah-omah karo Lastri, anak kancane kerja bapake biyen nalika kerja ana ing Kabupaten. Yen ndheleng Lastri dhewe, ora ana kurang apa-apa, sampurna. Rencana kuwi wis dirancang  kawit jaman biyen, kabeh kuwi kanggo ngraketake antarane keluwargane dhewe karo keluwargane Lastri. Yen menawa ndhelok Baskara sing wis mapan anggone omah-omah. Baskara wis oleh kerja ana ing sawijining kantor KOMINFO ana ing kuthane dhewe, Pekalongan. Dheweke wis duwe tabungan  kanggo nglakoni urip mengko karo wong wadon sing bakal  dadi sisihane urip.
Kanggo wong tuwane Baskara, kabeh mau kuwi wis cukup kanggo sangune Baskara omah-omah.
Tekan sawijining wengi. Bapakne pirsa kaliyan dheweke, kepriye anggone dheweke mikirake sekabehane.
Sepisan maneh Baskara digawe bingung, digawe linglung. Bapakne ora kurang akal supaya bisa nepungake Baskara kaliyan Lastri. Bapakne ngendhika menawa Baskara ora gelem omah-omah kaliyan Lastri, Baskara ora bakal diaku anak maneh kaliyan wong tuwane loro. Baskara nyoba mbela apa kang dadi karepe awake dhewe, yen dheweke wis duwe pilihan dhewe, yaiku kepengen omah-omah bareng karo Gendhis, wong kang wis pitung taun lawase ngancani dheweke. Baskara ora bisa nrima yen ana wong anyar kang teka ana ing kauripane.         Nanging bapakne wis ora gelem ngrungokake apa kang dadi kekarepane anakke.
Kanthi ati kang banget abote, Baskara trima apa kang dijaluk wong tuwane. Kang dadi prekara kanggo Baskara kepriye anggone wenehi ngerti Gendhis bab apa kang wis ditetepake Baskara.
Ora kanthi Baskara wenehi warta kang mangkana kuwi. Gendhis mesthi bakal kalara-lara atine menawa kanthi  ngrungu pawarta kang mangkana kuwi. Prekara kuwi sing dadikake Baskara ora tegel karo Gendhis.
Baskara nangis sesenggukan ana ing punthuk pucuk desa. Kabeh disalurake ana ing tangise, minangka wong lanang, Baskara ngrasa dadi wong lanang kang banget ora kuwawa. Tanpa daya nanggepi prekara kang kaya mangkana iki.
Priye mengkone, Baskara dhewe ora ngerti, pikirane bener-bener cuthel. Petheng ndhedhet kabeh donya iki miturut panemune Baskara.



Sesasi lawase Baskara durung ana kewanen kanggo ngandhakake sakabehane karo Gendhis, kamangka dina nikahan kaliyan Lastri sansaya cedhak wae.
Baskara bener-bener linglung. Embuh. Amung kuwi kang ana pikirane.
Wektu sansaya cedhak..sansaya cedhak. Ora kenyana-nyana, dina sesuk iki Baskara bakal nikahan karo Lastri. Piye nasibe Gendhis sawise tiningggal Baskara. Apa iki ora ndadikake lara kang banget-bangetake kanggo Gendhis.

            Tekan dina kuwi.
            Baskara ngiket janji sakral kaliyan Lastri. Sawetara iku, ing kutha Solo Gendhis tansah ngenteni katetepane Baskara, wis ana sesasi iki Baskara tanpa kabar. Gendhis isih wenehi maklum kanggo Baskara. Gendhis mikir yen iku wektu Baskara kanggo mikir sakabehane.
            Sesuke dheweke lunga menyang kampus kanggo ngurus wisuda S1 kang bakal kalaksanakaken sesasi maneh. Ana kampus dheweke pethuk kaliyan Amar, kancane wiwit SMA.
            Banget kagete Amar ketemu Gendhis  ana kampus.  Dheweke ngira yen Gendhis dina iki nikahan kaliyan Baskara, nanging kena apa dheweke malah ana kampus.
            Amar cepet-cepet anggone nyedhaki Gendhis. Gendhis kang ora ngerti apa-apa amung mesam-mesem diparani kancane kuwi. Amar gumun anggone mikir ngenani kancane siji iki.
            “Ndhis..kok awakmu lagi neng kene tho, jare arep nikahan karo Baskara”pitakone Amar.
“Pancen bener anggonmu ngomong, aku pancen bener arep nikaha karo mas bas, nanging embuh kapan wektune “ jawabe Gendhis karo mesem .
“ Anggonku ngomong iki tenanan ndhis, wingi aku krungu yen awakmu dina iki nikahan karo Baskara “ jawabe Amar
“ Ngono jare sapa mar? Ora usah tukang nggonja’i aku” atine Gendhis wiwit ora kepenak.
“ Demi Allah ndhis, aku krungu kabar kuwi saka Sisri, kanca SMAne dhewe “ jawabe Amar mantep.
“ Mugakno banget kagete, nalika aku isih weruh awakmu neng kene, terus nalika wingi aku mulih ngomah, aku weruh jamur kuning ana ing ngarep gange Baskara” wadule Amar.
“ Sak tenane Amar..aku durung ana rencana kanggo nikah kaliyan mas bas, wiwit sasi wingi mas bas ora ana kabar mar, mas bas tau cerita yen dheweke dijodohake kaliyan

wong tuwane, nanging mas bas kandha yen dheweke tetep bakal nikah karo aku “ kandhane Gendhis karo mrebes luhe.
“ Ojo panik ndhisek ndhis, sopo ngerti apa kang tak delok wingi kuwi ora bener anane, kan wingi aku ora bener-bener weruh iku panggonane Baskara apa dudu”kandhane Amar.
“Nanging yen bener kepriye Amar ? nangise Gendhis sansaya dadi.
“Ora ndhis...Baskara dudu wong kang mangkana kuwi ndhis,aku ngerti, aku paham Baskara kaya apa, aku kancane kawit cilik ndhis, kowe kudu percaya aku ndhis “ Amar nyoba ngibur Gendhis.
“ Luwih apik kaya mangkana ndhis, supaya awakmu ndhelok dhewe apa kang sabenere” sarane Amar kaliyan Gendhis.

Cepete lakune kereta, kanggo Gendhis kaya lakune uler keket.
Banget pengene tekan ana ing kutha kelairane, Pekalongan. Banget pengene ketemu kaliyan wong kang ditresnani. Baskara.
Sing gawe atine Gendhis sansaya semrawut, nalika hp-ne Baskara bener-bener ora bisa dihubungi. Biasane yen  Gendhis bali ana kutha kelairane dhewe, Baskara mesthi bakal methuk Gendhis ana ing stasiun. Stasiun iki wis dadi seksi temoning Gendhis kaliyan Baskara.
Pancen ana kang ora beres. Pikire Gendhis.
Wong tuwane Gendhis kaget nalika Gendhis ndhadak bali ngomah tanpa aweh kabar ndhisik. Gendhis amung kandha, menawa ana urusan kang kudu dirampungake cepet lan bener-bener ndadak. Gendhis ora gelem gawe wong tuwane ketar-ketir amarga Gendhis.
            Sing bakal ditekani Gendhis sepisanan yaiku si Ani, kanca rakete Gendhis wiwit SMA. Gendhis njaluk pitulungan karo Ani kanggo ngancani dheweke menyang omahe Baskara.
            Nalika Gendhis teka ana omahe Ani, Ani katon kaget banget lan trenyuh ndelengake kancane siji iki. Nanging cepet-cepet ani  ngumpetake wajah kang kaya mangkana kuwi, Gendhis durung ngerti sekabehane, pikire Ani.
            Teka kana, Gendhis  njlentrehake kabeh apa kang dadi atine gemlasah. Ani amung bisa manggut-manggut kaliyan ngelus-ngelus gegere kancane kuwi.
           


Cepet-cepet Gendhis njaluk diterake ana omahe Baskara.
            Kayata dijawil bledhek ing wanci awan atine Gendhis rikala kuwi. Banjur tekan ngarep omahe Baskara sing diweruhi, pawongan kang lagi kugut-kugut, nggotongi kursi, mbongkari tratag.
            “iki bubaran duwe gawe “ iku kang ana ing sajroning pikirane Gendhis.
            Kaya kesaut awan mendung, mripate mrebes luh. Sansaya suwi sansaya deres..deres..deres..luwih-luwih nalika weruh tulisan.

                        Menikah

                        Baskara Teguh Prasetya  S.Kom
&
Lastriyani  Safitri


            “Jebul bener..jebul bener anane An..kaya mangkene” kandhane karo nahan iline banyu luh
 “ooohhh...mas bas..panjenengan tega banget karo aku”.
Ani nggawa gendhis ngadoh saka omahe Baskara. Tekan panggonan kang luwih kepenak. Ani nyikep kenceng kanca sing saiki lagi nandhang kuciwa sing banget-banget larane, dheweke uga mrebes, ora tega, tenan ora tega weruh kahanan kang melasake banget.
            Dijorake kancane kuwi nangis ana sikepane, saiki dudu wektune dheweke ngomong, sekabehane. Ani  ngenteni tangise Gendhis rada asat. Bareng wis ora krungu swara tangis Gendhis,   amung senggukane sing lagi krungu orang-orang. Ani nyoba kanggo nyuwara.
            “Ndhis..aku ngerti banget apa sing mo’ rasakke..nanging nengkene aku meh blaka karo kowe ndhis, minggu wingi Baskara teka ana omahku , dheweke cerita kabeh, ngenani dheweke dicepet-cepet  bapakke kanggo nikah  karo Lastri kanthi diancem ora bakal diaku anak maneh yen ora gelem karo Lastri. Baskara bingung ndhis, antarane milih kowe apa manut karo wong tuwane, akhire kepeksa dheweke manut karo pilihan wong tuwane. Baskara ngrasa salah banget karo kowe ndhis, Baskara uga kecewa kaliyan wong tuwane, kaya-kaya dheweke didadikake wayang golek wong tuwane loro”kandhane Ani nyoba njelasake.
            “Nengapa mas bas ora blaka karo aku an..nengapa ora kandha karo aku langsung an..nengapa??? nengapa kudhu ngene carane ??? atiku lara an...atiku lara...huuu...huuuuu...huuuu...” tangise Gendhis  nggrigisake ati banget.
            “Baskara ora sanggup kandha kuwi kabeh marang kowe ndhis, dheweke banget ajrihe” kandhane Ani.
            “Tapi yen mengkene iki, sansaya nglarakake ati banget An..dheweke lunga ngono bae, tanpa katrangan, tanpa omong-omongan apa-apa, iki ora adil An..ora adil banget kanggo aku”
            “ Ndhis..coba yen kowe ana ing posisine Baskara..kowe mesti ngrasakake kaya kang Baskara rasakake saiki” kandhane Ani
            “Aniiii...huuuuu...huuuuu...huuuu”tangise Gendhis pecah.
Kelorone sansaya raket anggone sesikepan.
“Aku pengen ketemu karo mas bas an.....huuu..huuuu”
“ Ndhis..menawane ngono kepengen ketemu kaliyan mas bas..aku ngerti omahe si Lastri “
“Ayo ndang mangkat an...aku kepengen temu karo mas bas..”
“iya an..ayo..tak terke rana..tapi ngono janji ora bakal tumindak sing aneh-aneh”
“hmmm...”Gendhis nggrendem
Bocah loro mau age-age mangkat ono omahe bojone Baskara. Omahe ora patio adoh saka panggonan mau. Langit dina kuwi katon mendung..kaya-kayane meh udan deres. Bledheke gawe ati ajrih, swarane glundhang-glundhung.
            Ana motor lorone pada meneng-menengan, kungkum ana pikirane dhewe-dhewe.
 “ An..apa ya klambi sing tak nggo iki pantes nggo mertamu ana omahe bojone mas Bas?”takone Gendhis mecah sepi
“ Yen menurutku ya pantes Ndhis..ngono wonge rak yo mlipit terus anggone klambenan” jawabe Ani
“ Hmmm..”
Sadawane dalan, Gendhis nata atine supaya mengko ora tumindhak kang gawe wirange awake dhewe, wirange sekabehane.
            Tekan ana ngarep omahe Lastri
            “ Kowe tenan meh nemoni Baskara ndhis? Pitakone Ani
            “hhhmmm...iya An..ndang bubar prekarane”
Platara omahe Lastri ombo, ngarepe kae ana tamane, ana pirang-pirang hiasan kang ngramekake plataran omahe. Sejangkah..sejangkah Gendhis mlaku ana omahe lastri, niate wis mantep neng atine, Baskara kang dituju.
            Tekan ngarep lawang.
            “Assalamu’alaikum..”
            Saka mburi ana wong wadon jarikan, umure kira-kira 50 tahun, kesusu kanggo mbukakake lawang. “ Wa’alaikunsalam..mangga mbakyu..mangga-mangga sami pinarak rumiyin”
            “Nggih bu..matur nuwun” kandhane Gendhis karo mesem.
            “Mbak’e kancane mbak lastri menapa mas Baskara?” pitakone wong wadon kuwi
            “Kalih-kalihe bu..kaliyan mbak lastri kula tepang,,kaliyan mas bas nggih sami bu”
            “Waah..ngono tha, saking pundi nggih?”
“Kula lan kanca kula saking kecamatan Sokoreja bu, kula niki nembe mireng, bilih mbak lastri dados manten kaliyan mas Baskara, kekalihe kok boten ngundang kula bu..napa kesupen napa pripun”jawabe Gendhis.


“Hoalah..mestine nggih niku klinthut mbak..maklum nggih mbak..saking kathahe kanca..mbak lastri kaliyan mas Baskara dados sok kadang wonten ingkang boten diundang “ wong wadon kang kaya-kayane rewange keluargane lastri nyoba njelasake.
“ Nggih bu..boten napa-napa..bade dados manten kan sok-sok sibuk sanget nggih bu, ngantos kadang bingung” kandhane Gendhis
“ heee..hee...nggih mbak..sekedhap nggih mbak..kula tak nimbali mbak lastri kaliyan mas Baskara rumiyin “ pamit rewang mau
“ Nggih..nggih bu..sumangga..”
Ora suwe sawise jumedhul wong lara saka njero. Baskara kang ora nyana-nyana sapa kang teka wektu iku, krasa mak jundhal atine nalika weruh wong wadon kang banget ditrsenani iku ana ing ngarepe saiki. Lastri kang ngirane kuwi amung kancane bojone Baskara biasa wae anggone nanggepi.
“Mangga mbak..sinten nggih?”
“Kula Gendhis mbak..lajeng kanca kula Ani, kula kekalih menika kancane mas Baskara nalika SMA”
Baskara kang dituju raine biru kecu. Atis kabeh. Lemes anggone krungu swarane Gendhis njawab pitakone bojone, kaya-kaya ana lading-lading kang pada tunancep ana ing dhadhane.
“Oalah..piye tho mas Bas kuwi..ana kancane kok meneng wae” kandhane Lastri karo bojone
“ Boten napa-napa mbak..kadose mas Baskara taseh pangling, lha wong arang banget anggene temu, kula wonten walanda mrika, dados nggih dereng nate temu malih salajenge lulus SMA riyin nika mbak Lastri” kandhane Gendhis ora blaka.
Rasa-rasane Baskara kepengen nubruk sikile Gendhis, kepengen nggembor, kepengen njaluk ngapura, kahanan kang mangkana iki malah dadikake atine Baskara sansaya kalara-lara. Drama kang digawe Gendhis supaya ora nglarani atine bojone kuwi gawe Baskara sansaya ngrasa salah kang banget gedhene marang Gendhis.
Sasuwene Gendhis lan AnI ana kono, Baskara amung njegegeg ana kursine, babar blas ora ngucap sethithik-thithika. Cangkeme kaku, ilate kaku kanggo omong-omongan. Anggene Gendhis ngerti yen Baskara nandhang cuwa karo bojone dhewe Lastri, yaiku bojo kang diolehi saiki wis ora wutuh anggone dadi wanita. Sucine Lastri wis kajaluk dening wong liya. Mesti yen Gendhis ngrungu warta kang mangkana kuwi, Gendhis bakal ngguyu Baskara sak puase Gendhis, pikire Baskara.

Dirasa cukup Gendhis nglampiasake rasa cuwane marang Baskara kanthi cara alus, Gendhis lan Ani pmitan karo manten anyar iki.
“ Mbak Lastri, kula nyuwun pamit, sampun sonten..” kandhane Gendhis
“ Alaah..mbak..wong nembe sekedhap kok anggone mertamu sampun nyuwun pamit” jawabe Lastri
“Gampil mbak..saged disambung malih kapan-kapan, niki rak mbok menawa mbak Lastri wonten jejibahan sanese, kula rak boten penak mertamu dangu-dangu”
“Wong kulane boten napa-napa kok, seneng anggone omong-omong kaliyan mbak Gendhis, njenengan rak tiyange sumeh, gampang anggone dipun jak guneman, menawi mangke-mangke selak mbak Gendhis kesah dhateng walanda malih”
“ Nggih mangke mbak Lastri gentosan tindhak ngrika, terose tiyang-tiyang nika honey moon ngaten lah mbak” kandhane Gendhis karo gumuyu.
Mak krenyes atine Baskara bareng krungu Gendhis ngomong honey moon marang walanda. Biyen rak dheweke tau duwe rencana karo Gendhis arep honey moon ana walanda, sawise nikah karo Gendhis.
“ Nggih insya Allah mangke mbokmenawi mas Bas purun tindhak dhateng ngrika” jawabe Lastri.
“Nggih kedhahe purun tha mbak.kangge tiyang estri ingkang ditresnani kok ngantos boten purun niku pripun”
Wong loro mau bareng ngguyu bareng. Nanging kanggo Baskara dhewe, tembung-tembung kuwi kaya mateni dheweke alon-alon.
“Nggih mpun..pareng riyin mbak Lastri, mas Baskara..mugi-mugi pinaringan langgeng, cepet diparingi momongan” kandhane Gendhis.
“Mangga..mangga..maturnuwun mbak Gendhis..mbak Ani” jawabe Lastri.
Bocah loro mau banjur numpak motor maneh. Kanthi bocah loro mau wis ora katon ana belokan, Baskara isih wae njegegeg ndelokake dalan. Rasa-rasane isih ana Gendhis neng kana.
            Yen ora digandheng bojone mlebu njero, Baskara tetep wae kaku ana ngarep omah.
            Sawise ditekani wong wadon kang banget ditresnani, Baskara sering mlompong, pandengane kosong. Yen ditakoni bojone kena apa, Baskara amung jawab  cendhet. Baskara wiwit ora doyan mangan, awake sing mau-maune subur, wiwit kuru..kuru..nganthi balunge katon njenggol ana pipine, kahanan kang nreyuhake

banget. Rasa keduhung kang makaping-kaping, numpuk sagunung. Gawe Baskara ora bisa tumindhak apa-apa. Ana kantor dheweke ya sering ngalamun, ora semangat anggone makarya. Kuwi sing gawe ndhuwurane duka kaliyan Baskara. Ana sawijining dina, Baskara nrima PHK saka ndhuwurane.
            Lastri kang ngrungu pawarta kang mangkana langsung nesu-nesu karo Baskara, dheweke ora gelem yen nganthi uripe susah. Wong tuwane Baskara kang ngerti kahanan Baskara, nyoba nambakake Baskara marang wong pinter, aajake Baskara iki ana sing nakali. Ditambakake marang endi wae sing ana wong pinter, nanging hasile ya tetep mangkana, wong tuwane ora ngerti yen sebenere anake lagi nandhang lara batin. Lara batin kerana dipeksa nikah karo wong kang ora ditresnani.
            Lastri nglunjak, mikir carane piye bisa pegat karo Baskara. Dheweke serong karo wong lanang sing biyen njupuk kesuciane Lastri, wong lanang sing biyen dadi pacangane Lastri. Dheweke serong ana ngarepe Baskara, ana ngomahe dhewe, Lastri tumindhak kang mangkana. Pikire Lastri yen bojone weruh anggone tumindhak kang mangkana, dheweke bakal langsung dipegat dening Baskara. Nanging kayane apa kang dikarepake Lastri urung bisa kawujud. Baskara ndelokake bojone tumindhak mengkana karo wong sing ditresnani bojone.
            Lastri cuwa. Lastri blaka jaluk dipegat karo Baskara mergaa nang wetenge saiki wis wiji kang thukul antarane Lastri karo wong liya. Baskara tetep ana katetepane, ora bakal megat Lastri. Lastri gregetan. Saben dina sing dijaluk karo Baskara yaiku pegat. Saben Baskara dijalukkinkang mangkana kuwi, dheweke meneng wae.
            Iku sing ndadekake  Lastri sansaya gemes marang Baskara. Wetenge sansaya gedhe. Lastri nekat. Dheweke gelem anggone digawa mlayu karo wong lanang liya. Baskara kang ngrungu pawarta mangkan saka wong liya, langsung marani panggonane anake, ditangisi anak kang mesakake banget uripe.
            Wong tuwane sadar yen iku kabeh salahe wong tuwane sing biyen wis maksakake Baskara nikah karo wong wadon kang ora ditresnani karo anake kuwi. Kepengen rasane wong tuwane Baskara kanggo muter wektu maneh, mbalekake kang kaya biyen maneh sadurunge Baskara nikah karo Lastri, wong tuwane kepengen Baskara milih wong wadon sing ditresnani, supaya uripe ora dadi kaya ngene iki. Nanging sekabehane rak wis kebacut.
            Beda maneh kaliyan Gendhis, sawise ditinggal nikah karo Baskara, Gendhis netepake kanggo nerusake sekolah ana Groningen, Walanda.dilampiaske kabeh rasa cuwane kanthi cara kang apik. Dadikake Gendhis dadi mahasiswi paling apik ana kampuse. Gendhis wis ora ngileng-ngileng kedadeyan kang wis-wis.


Baskara duwe pikiran kanggo nyusul ana Walanda. Atine Baskara wis ora kuat nahan sesek ing dhadha. Tujuwane amung arep jaluk ngapura karo Gendhis lan kepingin ngerti kabare Gendhis, apa dheweke wis nemu ganti dheweke, nanging umpamane wis nemu ya baskara durung siap nrima kanyatan kang mangkono.
Baskara ngluru informasi ngenani Gendhis, alamate Gendhis ana Walanda. Teka omahe Ani, Baskara ora pikanthuk info apa-apa. Ani ora pengen kanca rakete kuwi kalara-lara maneh merga Baskara. Ani amung meneng nalika baskara teka, sing sabenere ya Ani ngerti kabeh ngenani Gendhis, nanging Ani ora blaka karo Baskara.
Baskara ora ngerti maneh karo sapa dheweke takon ngenani Gendhis, kanca rakete Gendhis amung Ani. Banjur dheweke kelingan karo Amar. Ya..Amar uga cedhak karo Gendhis. Nanging prekarane, ana ngendi Amar saiki, dheweke ora ngerti.
Pirang-pirang sasi dheweke anggone ngluru panggonane Amar. Diluru kanthi ngendi wae, Amar tetep ora ketemu. Iku meh wae gawe Baskara pupus kekarepan. Ana alam nyata dheweke ora bisa nemoni Amar, dheweke nyoba ngluru lantaran donya maya, ngenget jaman saiki wis sumadya teknologi kanggo nggampangake manungsa. Ana akun jejaring sosial, dheweke nemu ana jeneng kancane ana kono, miturut biodata kang ana nag kono, Amar manggon ana Groningen, Walanda. Saka Amar kayane Baskara bisa ngerti panggonane Gendhis.
Baskara mantep anggone mangkat ana Walanda. Saka Indonesia dheweke numpak motor mabur tumuju Walanda. Bareng tekan Walanda, sing dituju yaiku alamate Amar.
Ora angel kanggo nemokake panggonane Amar. Barang tekan ngarep omahe, cepet-cepet Baskara mlaku tumuju ana lawang omah kuwi. Saka njero krungu swara bocah-bocah cilik. Iki pasti anak-anake Amar, pikire Baskara.
Diketok lawang kuwi makaping-kaping. Suwi urung ana sautan saka njero. Kayane wong tuwane lagi pada neng mburi, diketok maneh dening Baskara. Ana swara bocah cilik ngundang-ngundang bapake. Ora let suwe ana swara lawang dibuka, barang dibuka, sing katon saka lawang kuwi wong lanang kang nganggo kacamata, wajahe kebapakkan banget, disusul neng mburi, bocah cilik wadon kang ayu banget, manis wajahe.
Durung sida anggone Baskar ngomong karo wong kang ngadeg ana ngarepe, saka mburi nyusul kenya ayu kang wis ora asing kanggo Baskara, bedane amung saiki luwih keibuan. Ana ing pikirane, Baskara langsung mikir sing ora-ora, weruh kancane, Amar barang seomah karo wong wadon sing wis suwe diluru-luru marang dheweke. Gendhis. Kandhane Baskara lirih, malah ora keprungu  kajaba awake dhewe.



Amar cepet bisa ngondisikake kahanan, dijak mlebu kancane sing ngadeg wae ana ngarep lawang, dijak njagok ana ruang tamu omahe Amar. Nanging Baskara tetep wae mandeng Gendhis. Amar dehem.
“Piye kabare bas?”pitakone Amar
Namung apa kang ditakonake marang Baskara, beda anggone Baskara nyauti pitakone Amar.
“Apa Gendhis saiki dadi bojomu mar?” Baskara malah balik takon.
Durung sida anggone Amar njawab pitakone Baskara, Gendhis njawab
“ Iya mas Bas..mas Amar saiki saiki dadi bojoku, lan bocah-bocah cilik kae, anakku karo mas Amar”
“Ndhis..jare ngono amung tresna karo aku..nengapa saiki ngono bebojoan karo Amar?”
“Lajeng..mas Bas dhewe piye karo aku? Mas Bas ninggal aku terus nikah karo wong liya tanpa katrangan?”
“Ngono ora ngerti aku ndhis..wektu iku anggonku nikahan karo Lastri iku kepeksa nuruti kepengene wong tuwaku,,”
“Panjenengan ya ora ngerti..piye rasane sakbibare ditinggal nikah marang panjenengan mas?sakniki sawise aku bebojoan karo wong liya, panjenengan rawuh malih wonten mriki, napa panjenengan sampun dicampakaken marang mbak lastri?”
Baskara wis ora bisa ngomong maneh, ilate wis kelu.
“Aku wis krungu kabeh critane panjenengan karo Lastri mas”
“Aku mrene amung arep njaluk ngapura marang ngono ndhis..”
            “Wis tak ngapura mas”
“Maturnuwun ndhis..aku wis ngrasa lega saiki, aku pamit bali”
“ Bas..bas..mengko ndisik..nginepa barang pirang dina ana kene, wis suwe awake dhewe iki ora guneman” jare Amar
“Ora mar..kapan-kapan wae..aku wegah ngganggu omah-omahane wong liya”kandhane Baskara karo lunga metu saka omahe Amar, saka omah kang gawe atine Baskara duwe tatu anyar.


Weruh kancane lunga, Amar arep ngoyak, nanging dipenging karo Gendhis.
“Ngapa ngono ngoyak Baskara?”
“Mesakake ndhis..adoh-adoh dheweke teka rene amung pengen temu kowe, pengen beresake prekaramu karo Baskara, nanging barang tekan kene kowe malah ngaku yen kowe saiki bebojoan karo aku, lan ngaku bocah-bocah iki anake dhewe?”
“Aku durung bisa lali, marang apa kang wis ditindadake Baskara marang aku mar, aku pengen dheweke ngrasakake apa sing aku rasakna telung taun kepengker, rasa-rasane aku kelangan sekabehane mar..lan apa masalahe yen bocah-bocah iki tak aku anak, sanajan amung anak temon.”
“Ndhis..kowe aja anut marang egomu dhewe, sejatine kowe rak yo isih tresna karo Baskara, lan nyatane ya bener, tresnamu amung kanggo Baskara, dheweke wis nyoba ndandani sekabehane, kudune kowe trima dheweke kanthi ati kang legawa”
Gendhis amung meneng.
Cepet-cepet Amar nyusul Baskara. Diluru ana ngendi lungane kancane. Tekan sawijining taman ana kutha Groningen, dheweke weruh Baskara lagi nangis dhewekan. Diparani Baskara kang lagi nangis kuwi.
“ Bas..” undange Amar.
Ora ana tanggepan saka Baskara
“Bas..kabeh sing mbok prungu kae ora bener”
“Maksutmu apa mar?kowe amung melas tha ndelok kahananku kang mangkene?”
“Ora bas..aku ora nggawe-nggawe, Gendhis dudu bojo senajan aku kepengen banget dadi bojone tenan nanging nyatane tresnane Gendhis amung nggo kowe bas”
“Lha terus..bocah cilik-cilik kae??sing jare anakmu karo Gendhis?”
“Aku karo Gendhis momong anak kang ora kaurus saka Indonesia, tak gawa mrene..Gendhis seneng banget karo bocah-bocah cilik”
“lha terus ngapa Gendhis ngapusi marang aku mar?”
“Gendhis ora kepengen katon ora kuwawane neng ngarepe kowe bas..nanging jane dheweke isih mendhem rasa tresna kang gedhe marang kowe bas”
“Lha banjur..aku kudu piye mar??”
“ Kowe ora oleh nyerah bas..terus wae anggone ngoyak tresnane Gendhis..suwe-suwe ya Gendhis bakal nrima kowe maneh..wong sebenere dheweke isih tersna karo kowe”

“Matur nuwun Mar..matur nuwun..”
“Wes..aja nangis wae ana kene”
Kanthi usaha kang tenanan, akhire Gendhis gelem nrima Baskara. Telung dina maneh dina nikahane Baskara kaliyan Gendhis, kabeh padha melu seneng.
Barang Gendhis dadi bojone Baskara, ora let suwe Gendhis ngandhut anake Baskara. Pancen, iki nyenengake banget sawise nglewati dalan urip kang ora bisa dikandhakake seneng.
Sangang wulan lawase, Baskara kaliyan Gendhis ngenteni laire anak sing wis diimpi-impi. Tekan sawijining wengi, Gendhis ngrasa wetenge lara, nyeri kang banget-banget. Marang Baskara, Gendhis digawa ana rumah bersalin, kaya-kayane bojone iki meh babaran. Kabeh keluwarga wis padha siaga nyambut anake Baskara kaliyan Gendhis. Tekan ing tengah wengi, keprungu tangise bayi kang mecah sepi. Nanging tangis bayi kang gawe ati bombong kuwi banjur kasusul dening tangise Baskara kang nreyuhaken ati. Barang bayine lair, Gendhis diundang marang Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Ujian apa maneh kang diparingake Gusti marang Baskara. Barang uripe wis seneng, wong sing banget ditresnani dijupuk marang pangeran. Baskara tangisan bareng karo bayine, bayine kaya-kaya ngerti yen ibune ora bisa ngancani dheweke urip ana ing donya iki.
Kabeh wis ana sing ngatur. Tekade Baskara namung siji, ngrawat Gendhis cilik iki kanthi tresna ingkang kaluwih-luwih. Baskara ora meh gawe bojone cuwa ana alam kana.

Cuthel


Tidak ada komentar:

Posting Komentar