Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Cerkak. Tampilkan semua postingan

Selasa, 10 Juni 2014

Sisihna Atimu Kanggo Aku

Sisihna Atimu Kanggo Aku

Kaya biasane saben malam minggu ngene, wektune aku kanggo jaga kost-kostan. Wis setahun iki aku langka metu yen malam minggu. Kejaba pancen ora duwe sisihan yo aku uga males yen mlaku-mlaku neng tugu muda utawa simpang lima mesti ramene. Aku luwih seneng dadi satpam kost-kostan, swasana sepi kang langka neng kost bisa kanggo nenangake pikir.
Awit duweni status jomblo, malam minggu ya ngene iki dewekan ana kost. Sejatine yo ora mung siji jejaka sing ngejaki metu nanging aku uga ora sreg, mulane aku mending milih ana kost. Kuwi yen ora ana kegiatan kampus, awit melu organisasi neng kampus uripku kayata mung ana ing kampus lan kampus. Kost bae langka tak dipanggoni paling yen wengi kanggo nyelehake awak.
Jam pitu bocah-bocah ana kostku wis padha dandan ayu-ayu , padha siap-siap ngenteni pacare marani. Seko siji bocah-bocah mau padha lunga karo pacare, pungkasane ya kari aku dewekan neng ngarep TV. Kaya biasane yen wis dewekan ngene aku mlebu kamar lan nulis-nulis apa sing pengen tak tulis, merga pakulinan apa kepiye aku ora ngerti nanging aku seneng yen dikon nulis-nulis mbuh dadine mung curhatan apa malah sketsa gambar kang ora nggenah.
“Taraa……” swarane Vika ngageti aku kang lagi nulis-nulis.
“Kena apa Vik, yahmene kok wis bali?” pitakonku ngemu surasa elek.
“Ora apa-apa kok, iki  martabak saka mas Rony jarene kanggo kanca kowe he…he…”
“La kangmasmu ana ngendi?”
“Isih neng koste mas Nanang, mengko yen wis rada wengi rene maneh arep ngajak leletan, kowe arep melu apa ora?” ajake Vika.
“Leletan?”
“Iyo leletan neng gang pete kae lho, kowe durung tau mrono to?”
“Yo nek mung lewat tau, nanging durng tau mlebu, lha arep karo sapa wae to Vik?”
“Yo paling kanca-kancane mas Rony nek karo kowe kan aku ana batir wadone, kepriye?”
“Yo mengko gampanglah..” jawabku kepenak.
“Okelah, jam sewelasan yo!”
“Siph..”
Vika, kanca sekamarku kae pancen sregep nek dikon dolan. Mbokyo wayah udan nek deweke karep ya tetep dilakoni, apamaneh yen keprungu “KOTAK” band sing disenengi manggung yo wis nganti lali wektu. Pacare sing jenenge Rony kuwi awale yo kancaku bocah ekonomi, merga rada lumayan lan cekelane stang bunder mula akeh sing pada kepingin kenal termasuk Vika. Lan alhasil dadi tenan Rony karo Vika, bahasa gaule aku makcomblange.
Ora krasa kertas sing mau werna putih saiki malih wis dadi ireng rupa coret-coretan. Merga pikiranku sing lagi putek kertas mau yo mung malih dadi coret-coretan kang ora nggenah. Jare Vika aku bakat dadi penulis nanging kok nek miturutku iki yo merga krana kebiasaan bae, awit cilik aku pancen seneng nulis.
“Git, ndang siap-siap to wis meh jam sewelas iki!” kandane Vika mrentah.
“Iyo tinggal ganti klambi karo sisiran bae kok”
“Ora dandan kowe?”
“Lah..nggo apa?”
“Menawa ana sing kesengsem karo kowe ngono”
“Nek pancen seneng rak yo apa anane to?”
“Yo, bener pancen”
 Ora let suwe leh ku siap-siap jemputane wis teka. Tekan leletan aku kaya wong bingung, asline yo pancen bingung la wong aku lagi pisan iki mrono kok. Sing ana yo mung para muda kang lagi tongkrongan sinambi ngopi lan ngrokok. Ngertia ngene mending aku ora usah melu mau, ngono batinku. Wis wonge ora kenal kabeh, rony karo Vika yo malah pacaran, siji-sijine wong sing lagi bae tak kenal Aji malah ngobrole bab pakuliahan terus, nambahi ngelu pokoke. Pancen Dewi Fortuna ning tanganku, ndelalah lampune mati yo gelem ora gelem metu saka kono.
###
“Git..” kandhane Vika bareng wis tekan kost.
“Hmmm… ana apa?”
“Kowe seneng rak ndelokke Aji mau, kaya Naga Lyla to?”
“Ganteng sih ganteng nanging aku biasa wae kok Vik”
“La sing mbok karepke ki sing kaya apa to Git?”
“Yo sing sreg ning ati to Vik, nganti tekan sakmene aku durung bisa nemoake gantine Rendi”
“Kowe ki piye to Git, Git.. wingi kae ana Dika sing genah-genah tresna tenan kok tolak, Fandi sing nurutan kaya ngono ya kok tolak, Satya sing tekan saiki ngenteni yo ora diopeni, njaluk sing kaya apa maneh?”
“Sing kaya pangeran Charles he..he…” jawabku guyon.
“Pungguk ngenteni mbulan kuwi jenenge”
“La piye maneh Vik, aku jane yo wis ana sing ngisi atiku akhir-akhir iki kok”
“Sapa jejaka mujur kuwi Git?”
“Kancaku biyen, senenge yo awit biyen nanging wis sewulan iki dheweke njedul maneh”
“Kok aku ora tau ngerti to Git?”
“Apa kowe ya kudu ngerti!! Kowe kan dudu malaikat he…he…”
“Kenalke to Git!”
“Rung dadi kok, sesuk yen wis dadi tak kenalke”
“Oke, tak tunggu makan-makane”
“O..dasar weteng wae sing mbok pikir,wis turu yo ngantuk aku”
###
Galang, jejaka sing sakwene ngisi atiku, senajan wis patang taun ora ketemu langsung nanging ana chemistry sing ndadekake aku tresna marang dheweke. Awit pedot karo Rendi aku durung bisa nemoake ganti sing bener-bener sreg, malah anane yo aku sing gawe kuciwa wong lanang merga aku ora sreg.
Facebook jejaring sosial kang nemokake maneh aku karo Galang, merga kuwi aku banjur bisa komunikasi marang dheweke ora mung lewat fb, nanging uga lewat HP.  Kayata wong lagi nandang tresna liyane saben dina yo mesti smsan. Sedina ora sms bae rasane kaya setahun.
EHEM…
AP?
EZ DWE CEW ANYAR YO? SOMBOG SAIKI.
CP TO?
MNTANMU. BALIKAN NEH TO?
ORA YO, SALAH INFO KWE, DY PANCEN NGUNU NEK KRO AQ SNENGE NGUNDANG BEB. DY Y WES ANA SING DWE KOQ.
OH…
MANK PYE TO? AMEH DAVTAR?
NEK ENTUK
ENTUK, TP…
TP APA?
DWE KAN ADOH SMRG-JOGJA, PCARANE PYE?
ANGGER SNENG KAN ORA AP-AP. LA KWE PYE?
TP KWE KAN DRUNG TAU WERUH AQ SING SAIKI, KOK ISO SNENG?
RASA KWI ANA AWIT BIYEN OG, KLAS 1.
HA???PRSAAN AQ BYEN G KNAL SPA2
KUI KAN GUR PRSAANMU.LA PYE ? NEG MEH DJWB MANGGA.NEK ORA Y ORA AP2.
AQ PGEN BUKTI
BKTI AP?
BKTI YEN KWE SNENG KRO AQ.
YA, BSA AQ PGEN WERUH KWE SING NYATA. SSUK AQ NENGJOGJA.
Apa sing ana ning pikiranku wektu kui, nanging aku ngrasa yen aku pancen wis kudu ngomong bab iku marang Galang. Aku ora seneng mendem rasa. Senajan aku iki wong wadon nanging aku luwih seneng yen blaka apa anane, ora urusan arep diomong wong apa.
10-12-10
Dina kuwi aku nekat menyang Jogja arep nemoni jejaka sing tak tresnani, aku ora paham babar blas daerah kono. Beja aku duwe kanca sing kuliah ana kono senajan ora kanca raket nanging bisa kanggo tetulung. Aku budal saka semarang dina sabtu sore tekan terminal tirtonadi wis jam wolunan, banjur malam minggu aku nginep nang koste kancaku, rencanane minggu esuk aku arep nemoni Galang.
Jogja wayah esuk pancen nyenengake, swasanane beda karo Semarang. Pancen ngono nyatane apa amarga aku sing lagi nandang tresna dadi kabeh-kabeh katon apik. Esuk-esuk aku wis adus lan dandan beda karo biasane, ukara-ukara sing bakal tak omongke mengko yen ketemu Galang uga wis tak siapke. Aku karo Galang janjian nang UNY, kampuse Galang jam sepuluh esuk.
“Gita yo?”
“Iyo, kowe Galang to?”
“Iyo, tambah manis wae kowe”
“He..he…nggombal. Aku ora mblenjangi janji to?”
“Iyo, salut aku”
“Yo muga-muga wae aku entuk kabar apik bali nang Semarang mengko”
“Amin, neng kono wae yo..! katone luwih kepenak yen karo rondenan” Galang ngajak nang lapak bakul Ronde.
“Seger ya hawane neng kampusmu”
“Yo merga sepi wae, nek senin rakyo padha wae sumpek he..he…”
“Oh… pye kaget ora weruh aku?”
“Ya rada pangling, wis gedhe jebul he…he…”
“Ya mosok cilik terus, ngerti to apa sing tak enteni marang sliramu?”
“Iya Git, jujur aku pancen lagi nggolek sisihan. Ketemu kowe mau yo pancen seneng, wong lanang sapa to sing ora seneng ndelokke wong wadon ayu.”
Galang nglereni ngomonge nambahi atiku dag dig dug.
“Nanging ya kuwi Git, nek jarak jauh kaya ngene iki kayane aku durung bisa, mungkin trauma karo sing dhisik”
“Umbb…. Yo maturnuwun yow is njawab senajan ora kaya mangkono sing tak karepke, nanging aku uga ora bisa mekso.”
“Sakdurunge aku njaluk ngapura yo Git”
“Iyo ora apa-apa”
Rasane kaya diiris-iris atiku keprungu jawabe Galang, nanging yakuwi tresna ora kena di peksa. Aku mung njaluk karo kang Gawe urip sisihna atine Galang kanggo aku menawa besuk isih bisa ketemu maneh.




Sabtu, 07 Juni 2014

Slamet Menyang Kutha


“ SLAMET MENYANG KUTHA ”
dening : Melanti Rizkiyah

Kacarita ing desa sekarwangi wargane urip guyub rukun, sesrawungan lan pirukunan kanthi apik. Akeh saka wargane kang nyambut gawe dadi petani, liyane ana kang kerja ana pabrik lan uga ana kang coba ngudi nasib menyang Sumatra lan Kalimantan. Slamet, salah sawijine nom-noman ing desa iku. Dheweke lagi wae lulus SMA, lan duwe pepenginan kuliah ing Semarang. Slamet matur karo wong tuwane bab pepenginane dheweke kuwi, sadurunge wong tuwane pancen ora nyarujuki. Ya,,,ngelingi keluargane kang among petani biasa kang uripe pas-pasan, nanging ngerti kekarepane Slamet kang sajake tenanan, wong tuwane banjur luluh atine. Mbuh kepiye carane, wong tuwane tansah ngupaya supayane Slamet bisa kuliah. Kabeneran Slamet isih duwe ingon-ingon sapi cacah loro, iku bisa didadeake modal kanggo kuliahe Slamet.
“Le, kae isih ana sapi 2 ingon-ingonmu. Piye yen didol kanggo modal kuliahmu?” bapakne takon.
“ Nggih, kula manut mawon,Pak. Ananging mangke menawi wonten kabetahan ingkang ndadak lan mbetahaken ragad kathah lajeng pripun, pak?” jawabe Slamet.
“Wis, kuwi urusan mengko, sing penting kowe isa kuliah dhisik.” bapakne nambahi.
“ Inggih, pak.” Slamet manthuk.
Pungkasane slamet banjur daftar ing UNNES liwat jalur SPMU, ananging kang kapisanan iki during dadi rejekine Slamet. Dheweke during ketampa, nanging dheweke ora nglokro, malah tambah sengkut anggone sinau. Ing wancine pendaftaran SNMPTN dibukak, slamet daftar maneh. Saiki kanthi niat kang kuat sarta donga, Slamet yakin yen dheweke bakal ketampa. Dina ujian kang dienteni wis teka, Slamet njaluk pangestu marang wong tuwane lan mangkat ujian. Slamet nggarap soal ujian kanthi tenanan, ing pangajab muga-muga dheweke bisa lolos.
Wis meh sesasi Slamet nunggu, lan dina kuwi apa kang ditunggu-tunggu bakal teka. Slamet nampa layang, bareng dibukak jebul isine pengumuman yen Slamet ketampa ing UNNES. Slamet banget bungahe, banjur matur marang wong tuwane.
“ Pak,,,Bu,,,,kula ketampi wonten UNNES,,,kula ketampi!” Slamet bengak-bengok karo jingklakan.
Bapak lan Ibune kang krungu banjur nyedhaki Slamet, banjur ujar, “ Alhamdulilah,,,,,le, apa kang dadi kekarepanmu saiki keturutan.” Ujare ibune.
“ Iya, le. Muga-muga iki bisa dadi dalan uripmu ya, le?” bapakne nambahi.
“ Amin,,,,,sedaya saking pangestunipun bapak lan ibu.” Slamet nambahi.
Slamet pancen bungah, nanging isih ana siji kang ganjel ing ati. Kanggo kuliah iku Slamet kudu nyiapake dhuwit 13 juta minangka uang masuk. Slamet rembugan karo wong tuwane, lan pungkasane sapine Slamet kang cacah 2 didol. Alhamdulilah,,,,nyukupi kanngo bayar kuliahe Slamet lan isih ana luwihane sithik bisa kanggo sangune Slamet.
Esuke, Slamet budhal menyang semarang. Sakdurunge budhal, Slamet pamitan karo wong tuwane karo nyuwun pangestu marang wong tuwane. Saiki, Slamet bocah saka desa budhal menyang kutha kanthi niat siji, ngudi ilmu kanggo mulyaning urip.
Ora krasa bis sing dinunuti Slamet wis tekan semarang, slamet cepet-cepet mudun lan golek angkutan menyang UNNES. Slamet gumun weruh kahanane Semarang kang rame lan sarwa modern, apa maneh nalika mlebu ana kampus UNNES.
“ Wah, kampuse kok apik tenan ya? Gedhunge duwur-duwur, jan bedha tenan karo ning desa.” Batine Slamet.
Sawuse muter-muter kampus, slamet banjur golek kost kang cedhak karo kampuse. Kabeneran Slamet entuk kos-kosan sing rada cedhak karo kampuse lan uga lumayan murah, dadi Slamet bisa rada ngirit. Dina sabanjure Slamet registrasi ulang minangka mahasiswa anyar lan uga melu Program Pengenalan Akademik ( PPA ) kang ditujuake kanggo mahasiswa anyar. Kabeh mau bisa dilakoni Slamet kanthi lancer. Ora krasa Slamet wis mulai dina pertama kanggo kuliah, dheweke mangkat gasik. Ing papan kuliah Slamet kenal lan srawung karo kanca-kanca anyare, salah sijine yaiku siska. Sanajan ora saka jurusan basa Jawa nanging Slamet wis kenal wiwit PPA. Sanyatane, slamet mambu ati marang SIska, nanging sajake Siska isih rada males cedhak karo Slamet, ya amarga Slamet isih anyar kekancan karo dheweke lan penampilane Slamet kang isih ndesa, during bisa ngimbangi penampilane Siska kang modis. Slamet ngerti apa sebabe Siska ora gelem cedhak karo dheweke. Ing jero ati Slamet niat dandani penampilane kepiye wae carane. Dheweke banjur paring kabar menyang kampug lumantar telfon. Dheweke telfon ibune arep nyuwun dhuwit, alesane kanggo tuku buku. Kamangka sejatine ora, malah kanggo dandani penampilane.
“ Assalamualaikum, bu niki Slamet, pripun kabare, lhak nggih sugeng tha, bu? “ takone Slamet”
“ Waalaikumsalam, e,,,kowe tha, le. Alhamdulilah ibu karo bapak sehat-sehat wae, lha awakmu piye?” ibune mangsuli”
“ Alhamdulilah, pangestunipun, bu. Nuwun sewu, ingkang putra kepareng matur sekedhik bu? “ Slamet takon maneh “
“ Iya, ana apa ta, le? “ Ibune sajak penasaran.
“ mekaten bu, samenika lhak sampun sewulan anggen kula kuliah. Lha menawi kepareng, kula badhe nyuwun arata kangge tumbas buku, bu?” Slamet nerangake “
“ Lha butuhe pira, le? “ ibune takon maneh.
“ 300ewu mawon,bu? “ jaluke Slamet.
“ walah,,,lha kok akeh nemen. Ya, yen saiki ibu durung ana dhuwit, yen bisa 3 dina maneh mengko ibu kirimi, piye?” takone ibune.
“ inggih, boten napa-napa,bu. Matur nuwun sanget,bu.” Slamet mangsuli.
Bareng ditunggu 3 dina,kiriman dhuwite Slamet saka ibune wis tekan. Nanging dhuwit sing saka ibune iku, ora dianggo kanggo bayar buku kaya sing diomongko ing telfon. Nanging, malah kanggo blanja ing mall lan kanggo dandani penampilane. Saiki slamet wis katon modern, penampilane wis ora ndesa kaya mbiyen maneh. Lan uga saiki srawunge karo bocah-bocah sing modis. Slamet banjur kerep dolan karo kanca-kanca anyare, amarga saiki akeh kang nyedhaki slamet, lan slamet saya anggak sifate, ora kaya sing biyen maneh. Lan kang wigati maneh, saiki Slamet lali marang kuliahe.Dheweke wis lali marang tanggung jawabe, lan uga lai marang tujuan utamane dheweke kuliah kaya kang digadhang-gadhang nalika bubar lulus SMA biyen.
Siska sing biyen wegah cedhak karo Slamet saiki sewalike malah balik nyedhaki Slamet.
“ Slamet,,,,,slamet?” undange siska.
“ Eh,,,,Siska, ana apa, Sis?” takone Slamet.
“ ora ana apa-apa kok, lagi pegen malku bareng kowe wae.” Jawabe siska.
“ Tenan, mung pengin mlaku bareng wae? “ Slamet takon.
“ Hmmm,,,,ya jane ana sing pengin tak omongke marang kowe, ning aja ning kene ah.” Jawabe siska.
“ arep ngomong apa lan ngapa kok ora ning kene?” slamet penasaran.
“ ya pokoke ana, saiki menyang taman wae kayane luwih kepenak yen omong-omongan ing kana.” Ajake Siska.
Bocah loro iku banjur menyang taman, ing kana padha ngobrol ngalor ngidul nganti Siska ngomong apa sejatine apa kang dheweke rasake lan pengin diomongake marang Slamet. Siska ngomong yen dheweke tresna marang Slamet lan pengin dadi pacare Slamet. Krungu kang kaya ngono iku, Slamet kaya diumbulake atine, Slamet dadi tambah anggak. Biyen, Siska nyedhaki dheweke wae wegah. Nanging saiki kok malah mara menyang dheweke lan njaluk dadi pacare, iku kang gawe Slamet tansaya anggak rumangsa wis dadi lelananging jagad. Pungkasane, saiki Siska dadi pacare Slamet. Slamet tansaya lali marang kuliahe, lan luwih akeh wektune kanggo Siska.
Ing pungkasane sasi iki Slamet mulih menyang desane, karepane pengin tilik wong tuwane lan pengen ngerti kahanan desane sing wis suwe dheweke tinggalake. Ya, pancen ing desane mung Slamet kang bisa kuliah, kanca-kancane malah padha kerja sawise lulus SMA. Dening warga desane Slamet dianggep dadi salah sawijine wong kang mumpuni bab ilmu, apa maneh dheweke kuliah ana jurusan basa Jawa, kang kudune tata kramane luwih tinimbang wong liyane. Nanging pranyatane, sanajan wis kuliah sawatara suwe, nanging mung sithik ilmu sing bisa dijupuk dening Slamet. Iki amarga dheweke ora temen anggone kuliah. Lan prakara iki kadadeyan nalika Slamet dijaluki tulung dening tanggane.
“ dik slamet, sekedhap malih kula badhe ngemah-emahaken putrane kula. Lha, menawi saged kula nyuwun tulung dik Slamet dados pranatacara wonten pahargyan samangke,pripun?” takone tanggane.
“ Hmm,,,,wadhuh, kula boten pikantuk kuliah bab menika pak, dadose kula nggih dereng saged, Pak.” Jawabe Slamet rada isin.
“ lho,kedahipun mahasiswa basa Jawi lhak pikantuk pasinaonan babagan menika , ta? Napa nggih dik Slamet dereng pikantuk?” tanggane ndedes.
“ inggih, pak. Saestu kula dereng pikantuk. Nyuwun pangapunten sanget nggih, pak?” wangsulane Slamet.
“ O nggih mpun, matur nuwun nggih, dik slamet?” Tanggane mungkasi.
“ Inggih, sami-sami pak.” Jawabe Slamet.

Iku anuduhake yen Slamet ora bisa njupuk ilmu kang wus diwulangake dening dosene. Nalika kuliah, sabenere Slamet wis entuk kuliah bab pranatacara, nanging amarga ora nggatekake lan arang mlebu kuliah dadine ya ora saguh nalika dijaluki tulung dadi pranatacara. Slamet wis lena dening abyoring donya lan wus ora mikir maneh babagan kuliahe. Sing ana ing pikirane among seneng-seneng, lan lai marang kewajibane kang wus dadi tujuan sabenere nalika arep ndaftar kuliah. Saiki Slamet wis lena, saiki slamet wis ora kaya mbiyene. Muga-muga Slamet enggal sadar marang kaluputane kuwi, utamane maneh yen kaweleh nalika dijaluki tulung karo tanggane kaya mangkono mau.

Rodha Panguripan



“ RODHA PANGURIPAN “
 dening : Melanti Rizkiyah

Soroting surya ambabar langit ing sisih wetan, kairing dening jago kang kluruk sesautan. Mega katon sumurat abang, hawa seger nlusup nganti balung sumsum, embun isih tumetes nelesi gegodhongan. Desa cilik ing sangisore gunung ungaran aran desa Sidomukti, esuk iku wis katon regeng dening wong-wong kang ana ing desa iku. Ana sing budhal menyang sawah, ana kang budhal kerja ing pabrik, bocah-bocah padha pamitan budhal menyang sekolah, lan uga wong-wong liyane kang budhal makarya kaya biasane. Ing desa iku ana sawijine bocah lanang enom jenenge Bagaskara Kartodipura, nanging kerep diundang bagas. Bagas iku dasare bocahe bagus, lan uga sregep. Bagas iku anake wong kang ora duwe, uripe mung pas-pasan. Bapak ibune mung saprenah tani kaya wong ing desa umume.
“Le, bapak tak budhal menyang sawa dhisik ya. Kae mengko sapine dipakani suket sing wingi. Iki bapak tak ngarit maneh kanggo pakan mengko awan!” ujare bapakne bagas..
“ inggih pak, kaleresan mangke kula ugi wonten sabin mangke suketipun kersane kula ingkang bekta wangsul.” Bagas mangsuli.
“ O iya , aja lali mengko ibumu kon gawake wedang kanggo bapak, ya??” Tambahe bapakne bagas  sinambi njupuk arit.
“ Ngestokaken dhawuh, Pak.” Jawabe Bagas.
Kaya mangkono mau kang dadi pagaweane Bagas lan keluargane saben dinane, pancen dhasare wong tani. Sanajan hasile mung cukup kanggo mangan, nanging kabeh  mau dilakoni kanthi seneng lan jembare manah.
Wektu wis watara jam 11 awan, wis wayahe wong-wong ing sawah padha leren. Ibune Bagas wis tekan sawah karo gawa wedang lan sega gudhangan kang dadi senengane Bagas  lan bapakne. Kabeh banjur padha leren lan ngrahapi masakane ibune Bagas. Wong-wong wis padha bali, ana kang manggul suket la nana uga ana kang nggiring sapi kang nembe wae kanggo ngluku sawah, saka kadohan ing sawah liyane isih katon wong-wong wadon kang isih padha tandur, sanajan wis wayahe leren.
“Yu,,,,,,yu,,,,leren dhisik, iki leren ngunjuk dhisik rene!” Ibune Bagas mbengoki wong-wong kang isih padha tandur.
“ Nggih, matur nuwun, mbakyu!” wangsulane wong-wong kang isih padha tandur.
“ Pak, sukete mangke kersane kula ingkang bekta wangsul, bapak nitih sepedhane kula mawon! Jaluke Bagas.
“ Ora, le. Sukete bapak wae sing gawa, sisan bapak isih arep nambak banyu sing sisih kidul kae. Sepedhane gawanen bali wae sisan mediguyang wong kayane rada reged kae.” Wangsulane bapake.
“ Nggih sampun Pak menawi mekaten.” Jawabe bagas alon.
Wengine, Bagas lan wong tuwane lungguh ana ing ruang tamu sinambi cecaturan ngalor ngidul. Ing kono Bagas arep ngomong karo wong tuwane bab kang wigati kang jan jane pengin diomongke wit wingi. Bagas pengen ngomong marang wong tuwane yen dheweke pengen lunga kerja menyang kutha kanggo nyukupi kabutuhane keluargane.
“ Pak, kepareng kula matur?” Bagas celathu.
“iya, ana apa le?” bapakne mangsuli.
“Mekaten pak, kula kepengin nyobi nyambut damel dhateng Jakarta pak mbok menawi mangke wonten mrika kula saged pikantuk padamelan ingkang langkung sekeca.” Kandhane Bagas
“ Kena apa kudu menyang Jakarta, apa ana kene kowe wis ora bisa nemokake pagawean kang kepenak? Jawabe bapakne kanthi swara kang banter.
“ Boten ateges mekaten pak, mbok menawi mangke wonten Jakarta kula saged pikantuk pengalaman ingkang langkung kathah.” Tambahe Bagas.
“ Jakarta iku kutha gedhe, wengis, yen ora ati-ati gawa awak bakale cilaka mengko ing kana.” Ature bapakne.
“ Iya le, mbok wis ning desa wae. Kae sawahe bapakmu garapen, mengko hasile gawenen modal usaha ana kene!” ibune nambahi.
“ Nyuwun pangapunten, pak, Bu. Boten ateges kula nampik aturipun bapak saha ibu. Ananging, minangka netepi kewajibanipun kula minangka putra, keparenga kula nyuwun palilahipun bapak saha ibu.” Jaluke Bagas lirih.
Kanthi rasa kang abot, nanging ing pungkasane Bagas entuk budhal menyang Jakarta dening wong tuwane. Kanthi modal tekad kang kuwat, lan donga saka wong tuwane, Bagas budhal menyang Jakarta.
Esuk gasik kira-kira jam 5 esuk Bagas wis tekan terminal Lebak Bulus. Bagas banjur mikir arep menyang endi. Pungkasane Bagas golek kontrakan kanggo manggon sasuwene ing Jakarta. Sawatara suwe Bagas golek kontrakan, Bagas entuk kontrakan kang rada murah, dibayar separo dhisik nganggo dhuwit sangune. Wis kira-kira 3 dina Bagas golek Pagawean, nanging during entuk hasil. Pancen susah golek pagawean kanggone lulusan SMA kaya dheweke iku. Begjane, sawijine dina Bagas nglamar ing salah sijine perusahaan periklanan. Bagas melu test, Alhamdulillah Bagas ketampa. Bagas bungah banget, sanajan wiwitan dheweke nyambut gawe entuk posisi kang endhek, nanging dhasar bocahe sregep lan rikat agawe pimpinane seneng banjur jabatane diunggahake dadi manajer. Sanajan wis oleh jabatan kang dhuwur dheweke ora lali marang  wong tuwane lan wong-wong sakiwa tengene. Dheweke tansah andhap asor. Ing papan pagawean kono uga dheweke kenal sawijine wanita kang agawe Bagas mambu ati marang dheweke.
“ Maaf mbak, saya Bagas pegawai baru disini, boleh saya berkenalan dengan mbak?” Bagas mbukani rembug.
“ O,,,iya mas kenalkan saya Ratih, mas saya juga baru 3 bulan kerja disini. Mas asli dari  Jakarta?” ita kang aran ratih mau takon.
“  Tidak, mbak. Saya asli dari Semarang. Kalau mbak sendiri dari mana?” jawabe bagas.
“ Wah, berarti kita satu daerah, Mas. Saya juga asli semarang.” Jawabe Ratih teges.
“ Saged micanten basa jawa tha, mbak?” Bagas takon maneh.
“ Inggih,mas.” Jawabe Ratih cekak.
Sawise kenalan iku Bagas tansaya raket karo ratih. Dina ganti dina, wulan ganti wulan, Bagas mulai ana rasa tresna marang Ratih. Ora salah yen ana bebasan “ tresna jalaran saka kulina “ amarga kerep ketemu lan srawung saben dina Bagas dadi duwe rasa kang beda karo Ratih. Lan pangrasane Bagas ora tinampik dening Ratih, amarga Ratih uga duwerasa kang padha karo Bagas. Sawise Bagas ngomongake isi atine, Ratih mbukak atine kanggo Bagas. Pungkasane kekarone banjur pacaran. Ing mulane kabeh katon nyenengake lan guyub rukun. Nanging ing wulan sabanjure banjur mulai ana gonjang-ganjing antara kekarone. Beban gaweane Bagas saya akeh, ndadeake wektune kanggo Ratih dadi sithik. Ratih dhasare wonge pengin digatekake terus, meruhi kahanan kang kaya mangkono Ratih krasa ora digatekake, banjur Ratih nesu marang Bagas. Bagas saya mumet amarga gaweane numpuk lan uga lagi ana masalah karo Ratih. Sabubare kerja Ratih ngajak Bagas mangan bareng lanuga saperlu ngomong akeh marang Bagas.
“ Mas, apa sliramu wis ora tresna maneh karo aku?” Ratih takon.
“ Ora tresna piye maksudmu, dik?” Bagas balik takon.
“ Wis mas aja digawe dawa, panjenengan milih aku apa pagaweane panjenengan?” Ratih takon maneh.
“ Dik, aku nyuwun tulung. Sliramu lhak ya ngerti yen gaweanku lagi akeh lan aku uga duwe tanggung jawab kang gedhe kang ora bisa tak tinggalke, aku mung njaluk tulung sliramu bisa ngerteni aku!” jaluke Bagas.
“ Wis, saiki njenengan milih aku apa pagawean?” Ratih negesake.
“ Mbuh,dik. Minggu iki aku arep cuti dhisik, aku arep mulih tilik bapak ibu sisan ngleremake piker sisan mikirke piye kepenake aku lan sliramu. Yen sliramu gelem tak jaluk sliramu gelem nunggu aku. Yen ora, aku lila yen sliramu golek gantine aku.” Jawabe Bagas teges.
Dina Jum’at Bagas bali menyang Semarang melu sepur kang mangkate Jam 4 sore. Ing jero sepur nyawang menyang njaba. Katon srengenge surup, angslup ing sisih kulon ana mburine gunung. Bagas bali kanthi gawa manekawarna prakara kang kudu dipikir. Lingsir wengi ngiringi lakune sepur. Jam 5 esuk Bagas tekan Semarang. Bali menyang desa kang wis suwe dheweke tinggal. Dheweke banjur golek angkutan umum tekan desane, ing pojokan desa dHeweke mudun. Sanajan gawa gawan akeh  lan rada kabotan, nanging dheweke tetep pengin mlaku, karo nyawang desane kang wis suwe ditinggal, kabeneran uga bisa pethuk karo tangga-tanggane. Tekan omah dheweke langsung sungkem karo bapak ibune. Bapak Ibune ngelus putrane kang saiki wus bisa mapan iku, bisa ngangkat drajat wong tuwane. Bagas banjur leren kanggo nenengake pikire. Wayah wengine banjur dheweke crita akeh marang wong tuwane.
“ piye, le. Anggonmu nyambut gawe ana Jakarta. Lhak ya lancar-lancar wae ta?”bapake takon.
“ Alhamdulillah,Pak. Kaleresan kula pikantuk padamelan ingkang sekeca, kanthi jabatan ingkang lumayan, pramila kula saged kirim arta dhateng bapak ibu saben wulanipun.” Jawabe Bagas.
“ Ya Alhamdulillah yen mangkono, tandhane kowe sumbut karo kekarepanmu mbiyen!” bapakne nambahi.
“ Nanging, tak sawang kok sliramu kok kaya lagi ana bab abot sing dipikir,le. Ana apa?” ibune genti takon.
“ Ehmmm,,,,,,Inggih bu, Sejatosipun kula ugi nembe wonten setunggal prekawis ingkang damel kula kepikiran, kula gadhah kanca wanita, blaka mawon kula tresna kaliyan piyambake lan samenika ugi sampun sesambetan, ananging piyambakipun radi kirang mangertosi karepotan kula, menika ingkang dados pikiran kula!” Bagas njlentrehake.
“ Ngene,le. Kowe minangka wong lanang yen pancen kowe tresna kowe kudu bisa gawe dheweke ngilangi sifate kang kaya mangkono iku. Yen pancen kowe tenan tresna, ora ana salahe yen kowe nembung dheweke supaya dadi sisihan uripmu.” Bapakne negesake.
“ Iya, le. Saiki kowe lhak ya wis mapan, wis duwe penghasilan dhewe. Wis wayahe kowe omah-omah.” Ibune nambahi.
“ Ngestokaken dhawuh,,,,,menawi bapak lan ibu ngersakaken kados mekaten, kula namung saged ngestokaken kemawon. Badhe kula laksanakaken punapa ingkang dados nasihatipun bapak ibu.” Jawabe Bagas teges.
Ing pungkasan, kanthi pandonga lan pitutur saka wong tuwane Bagas bali menyang Jakarta. Saiki nyambut gawene tansaya sengkut, jabatane uga tambah dhuwur maneh amarga sregepe dheweke. Lan babagan dheweke lan Ratih saiki Ratih wis sadar yen beban gaweane Bagas akeh, mula saiki dheweke gelem mangerteni gaweane Bagas. Ing sasi ngarepe Bagas banjur nglamar Ratih, wong tuwane Ratih seneng nduweni calon mantu kaya Bagas, Sesai sawise iku Bagas nikah karo Ratih. Saiki apa kang dadi kekarepan uripe Bagas wis kelakon, pancen urip iki kaya rodha, ana kalane wong ing ngisor ora diajeni, rumangsa endhek. Nanging yen wis wancine, wong bisa nggayuh kamulyaning uripi, nanging kudu gelem rekasa dhisik, lan ora lali nyuwun marang gusti kang kuwasa. Amarga uripe manungsa iku wis diatur dening gusti kang murbeng jagad.


*****

Kamis, 05 Juni 2014

Ora Kenyana-nyana




Ora Kenyana-nyana

dening : Melanti Rizkiyah

Srengenge wis sumurup ana sisih kulon, bebarengan kabeh sulak cahyane . Padhanging swasana wis kaganti dening pethenging wengi.
Gambarananing alam kang kaya mangkana kuwi, kira-kira ora beda adoh karo atine Baskara kang lagi nandang cuwa. Ana ing punthuk pucuk desa, Baskara nyoba ngeling-ngeling kedadeyan wektu biyen.
Dheweke keduhung, nengapa awake manut karo kekarepane wong tuwane loro. Nengapa dheweke manut dijodohake karo pilihane wong tuwane tinimbang karo wong wadon kang wis ngancani dheweke pitung taun lawase.
Kelingan anggone dhek jaman dheweke bareng karo Gendhis, kenya ayu sing banget ditresnani. Pancen pas antarane jeneng kaliyan kahanane.
Pasuryane banget ayune tur eseme..eseme kang gawe Baskara kebacut, pakulitane kuning khas wong Indonesia. Bocahe pinter tur sumeh karo sopo wae, malah-malah ana kang nyebut dheweke pinter anggone gegojegan, asring gawe kancane padha ngguyu kepingkel-pingkel. Padha kang dirasakake Baskara wektu iku. Dheweke bareng karo Gendhis wiwit kelas 1 SMA. Sedina-dinane sumringah merga ana Gendhis sing dadi sisihane.
Bocah loro mau kuwi wis padha ngucap janji yen bakal bareng salawase. Pancen akeh alangan kang teka, nguji prasetyaning bocah loro mau. Saka adohing panggonan kang misahake kelorone nganthi sing paling abot kanggo kelorone yaiku prekara jejodhohaning Baskara karo wong wadon liya pilihan wong tuwane.
Serba abot kanggo Baskara milih antarane kekarepan atine kaliyan pilihan wong tuwane. Baskara durung tau pisan-pisana mbantah apa kang dadi pepingine bapak lan ibune. Nanging iki prekara kauripane Baskara dhewe, apa iya dheweke bakal tetep manut. Kamangka sing nglakoni mengka ya Baskara dhewe. Wektu iku Baskara bener-bener ora bisa mikir, endi sing paling apik kanggo awake, yen rundingan kaliyan Gendhis, pacangane, yo mesti bae Gendhis ora bakal lila menawa Baskara nikah karo wong liya. Nanging Gendhis ora duwe daya kajaba amung bisa nangis sesenggukan ana ing ngarepe Baskara, lan masrahake kabeh karo keputusane Baskara.
Baskara bener-bener urip ana ing kungkungane wong tuwane dhewe. Baskara kudu manut apa kang dadi cita-citane wong tuwane loro kanggo Baskara. Biyen nalika Baskara kepengin kuliyah bareng Gendhis ana ing kutha Solo. Nanging dipenging karo wong tuwane, wong tuwane duwe karep yen Baskara tetep kuliyah ana ing kuthane dhewe, alasane supaya tetep cedhak karo wong tuwane, gampang anggone mirsani kahanane Baskara.
Nanging kanggo Baskara dhewe, kuwi ujian kang paling abot salawase dheweke urip, adoh karo wong wadon sing banget ditresnani.

Tekan dina neng endi Baskara kudu nemtotaken endi kang bakal dipilih dening Baskara. Wong tuwane loro terus bae ndhesek Baskara kanggo cepet-cepet anggone omah-omah karo Lastri, anak kancane kerja bapake biyen nalika kerja ana ing Kabupaten. Yen ndheleng Lastri dhewe, ora ana kurang apa-apa, sampurna. Rencana kuwi wis dirancang  kawit jaman biyen, kabeh kuwi kanggo ngraketake antarane keluwargane dhewe karo keluwargane Lastri. Yen menawa ndhelok Baskara sing wis mapan anggone omah-omah. Baskara wis oleh kerja ana ing sawijining kantor KOMINFO ana ing kuthane dhewe, Pekalongan. Dheweke wis duwe tabungan  kanggo nglakoni urip mengko karo wong wadon sing bakal  dadi sisihane urip.
Kanggo wong tuwane Baskara, kabeh mau kuwi wis cukup kanggo sangune Baskara omah-omah.
Tekan sawijining wengi. Bapakne pirsa kaliyan dheweke, kepriye anggone dheweke mikirake sekabehane.
Sepisan maneh Baskara digawe bingung, digawe linglung. Bapakne ora kurang akal supaya bisa nepungake Baskara kaliyan Lastri. Bapakne ngendhika menawa Baskara ora gelem omah-omah kaliyan Lastri, Baskara ora bakal diaku anak maneh kaliyan wong tuwane loro. Baskara nyoba mbela apa kang dadi karepe awake dhewe, yen dheweke wis duwe pilihan dhewe, yaiku kepengen omah-omah bareng karo Gendhis, wong kang wis pitung taun lawase ngancani dheweke. Baskara ora bisa nrima yen ana wong anyar kang teka ana ing kauripane.         Nanging bapakne wis ora gelem ngrungokake apa kang dadi kekarepane anakke.
Kanthi ati kang banget abote, Baskara trima apa kang dijaluk wong tuwane. Kang dadi prekara kanggo Baskara kepriye anggone wenehi ngerti Gendhis bab apa kang wis ditetepake Baskara.
Ora kanthi Baskara wenehi warta kang mangkana kuwi. Gendhis mesthi bakal kalara-lara atine menawa kanthi  ngrungu pawarta kang mangkana kuwi. Prekara kuwi sing dadikake Baskara ora tegel karo Gendhis.
Baskara nangis sesenggukan ana ing punthuk pucuk desa. Kabeh disalurake ana ing tangise, minangka wong lanang, Baskara ngrasa dadi wong lanang kang banget ora kuwawa. Tanpa daya nanggepi prekara kang kaya mangkana iki.
Priye mengkone, Baskara dhewe ora ngerti, pikirane bener-bener cuthel. Petheng ndhedhet kabeh donya iki miturut panemune Baskara.



Sesasi lawase Baskara durung ana kewanen kanggo ngandhakake sakabehane karo Gendhis, kamangka dina nikahan kaliyan Lastri sansaya cedhak wae.
Baskara bener-bener linglung. Embuh. Amung kuwi kang ana pikirane.
Wektu sansaya cedhak..sansaya cedhak. Ora kenyana-nyana, dina sesuk iki Baskara bakal nikahan karo Lastri. Piye nasibe Gendhis sawise tiningggal Baskara. Apa iki ora ndadikake lara kang banget-bangetake kanggo Gendhis.

            Tekan dina kuwi.
            Baskara ngiket janji sakral kaliyan Lastri. Sawetara iku, ing kutha Solo Gendhis tansah ngenteni katetepane Baskara, wis ana sesasi iki Baskara tanpa kabar. Gendhis isih wenehi maklum kanggo Baskara. Gendhis mikir yen iku wektu Baskara kanggo mikir sakabehane.
            Sesuke dheweke lunga menyang kampus kanggo ngurus wisuda S1 kang bakal kalaksanakaken sesasi maneh. Ana kampus dheweke pethuk kaliyan Amar, kancane wiwit SMA.
            Banget kagete Amar ketemu Gendhis  ana kampus.  Dheweke ngira yen Gendhis dina iki nikahan kaliyan Baskara, nanging kena apa dheweke malah ana kampus.
            Amar cepet-cepet anggone nyedhaki Gendhis. Gendhis kang ora ngerti apa-apa amung mesam-mesem diparani kancane kuwi. Amar gumun anggone mikir ngenani kancane siji iki.
            “Ndhis..kok awakmu lagi neng kene tho, jare arep nikahan karo Baskara”pitakone Amar.
“Pancen bener anggonmu ngomong, aku pancen bener arep nikaha karo mas bas, nanging embuh kapan wektune “ jawabe Gendhis karo mesem .
“ Anggonku ngomong iki tenanan ndhis, wingi aku krungu yen awakmu dina iki nikahan karo Baskara “ jawabe Amar
“ Ngono jare sapa mar? Ora usah tukang nggonja’i aku” atine Gendhis wiwit ora kepenak.
“ Demi Allah ndhis, aku krungu kabar kuwi saka Sisri, kanca SMAne dhewe “ jawabe Amar mantep.
“ Mugakno banget kagete, nalika aku isih weruh awakmu neng kene, terus nalika wingi aku mulih ngomah, aku weruh jamur kuning ana ing ngarep gange Baskara” wadule Amar.
“ Sak tenane Amar..aku durung ana rencana kanggo nikah kaliyan mas bas, wiwit sasi wingi mas bas ora ana kabar mar, mas bas tau cerita yen dheweke dijodohake kaliyan

wong tuwane, nanging mas bas kandha yen dheweke tetep bakal nikah karo aku “ kandhane Gendhis karo mrebes luhe.
“ Ojo panik ndhisek ndhis, sopo ngerti apa kang tak delok wingi kuwi ora bener anane, kan wingi aku ora bener-bener weruh iku panggonane Baskara apa dudu”kandhane Amar.
“Nanging yen bener kepriye Amar ? nangise Gendhis sansaya dadi.
“Ora ndhis...Baskara dudu wong kang mangkana kuwi ndhis,aku ngerti, aku paham Baskara kaya apa, aku kancane kawit cilik ndhis, kowe kudu percaya aku ndhis “ Amar nyoba ngibur Gendhis.
“ Luwih apik kaya mangkana ndhis, supaya awakmu ndhelok dhewe apa kang sabenere” sarane Amar kaliyan Gendhis.

Cepete lakune kereta, kanggo Gendhis kaya lakune uler keket.
Banget pengene tekan ana ing kutha kelairane, Pekalongan. Banget pengene ketemu kaliyan wong kang ditresnani. Baskara.
Sing gawe atine Gendhis sansaya semrawut, nalika hp-ne Baskara bener-bener ora bisa dihubungi. Biasane yen  Gendhis bali ana kutha kelairane dhewe, Baskara mesthi bakal methuk Gendhis ana ing stasiun. Stasiun iki wis dadi seksi temoning Gendhis kaliyan Baskara.
Pancen ana kang ora beres. Pikire Gendhis.
Wong tuwane Gendhis kaget nalika Gendhis ndhadak bali ngomah tanpa aweh kabar ndhisik. Gendhis amung kandha, menawa ana urusan kang kudu dirampungake cepet lan bener-bener ndadak. Gendhis ora gelem gawe wong tuwane ketar-ketir amarga Gendhis.
            Sing bakal ditekani Gendhis sepisanan yaiku si Ani, kanca rakete Gendhis wiwit SMA. Gendhis njaluk pitulungan karo Ani kanggo ngancani dheweke menyang omahe Baskara.
            Nalika Gendhis teka ana omahe Ani, Ani katon kaget banget lan trenyuh ndelengake kancane siji iki. Nanging cepet-cepet ani  ngumpetake wajah kang kaya mangkana kuwi, Gendhis durung ngerti sekabehane, pikire Ani.
            Teka kana, Gendhis  njlentrehake kabeh apa kang dadi atine gemlasah. Ani amung bisa manggut-manggut kaliyan ngelus-ngelus gegere kancane kuwi.
           


Cepet-cepet Gendhis njaluk diterake ana omahe Baskara.
            Kayata dijawil bledhek ing wanci awan atine Gendhis rikala kuwi. Banjur tekan ngarep omahe Baskara sing diweruhi, pawongan kang lagi kugut-kugut, nggotongi kursi, mbongkari tratag.
            “iki bubaran duwe gawe “ iku kang ana ing sajroning pikirane Gendhis.
            Kaya kesaut awan mendung, mripate mrebes luh. Sansaya suwi sansaya deres..deres..deres..luwih-luwih nalika weruh tulisan.

                        Menikah

                        Baskara Teguh Prasetya  S.Kom
&
Lastriyani  Safitri


            “Jebul bener..jebul bener anane An..kaya mangkene” kandhane karo nahan iline banyu luh
 “ooohhh...mas bas..panjenengan tega banget karo aku”.
Ani nggawa gendhis ngadoh saka omahe Baskara. Tekan panggonan kang luwih kepenak. Ani nyikep kenceng kanca sing saiki lagi nandhang kuciwa sing banget-banget larane, dheweke uga mrebes, ora tega, tenan ora tega weruh kahanan kang melasake banget.
            Dijorake kancane kuwi nangis ana sikepane, saiki dudu wektune dheweke ngomong, sekabehane. Ani  ngenteni tangise Gendhis rada asat. Bareng wis ora krungu swara tangis Gendhis,   amung senggukane sing lagi krungu orang-orang. Ani nyoba kanggo nyuwara.
            “Ndhis..aku ngerti banget apa sing mo’ rasakke..nanging nengkene aku meh blaka karo kowe ndhis, minggu wingi Baskara teka ana omahku , dheweke cerita kabeh, ngenani dheweke dicepet-cepet  bapakke kanggo nikah  karo Lastri kanthi diancem ora bakal diaku anak maneh yen ora gelem karo Lastri. Baskara bingung ndhis, antarane milih kowe apa manut karo wong tuwane, akhire kepeksa dheweke manut karo pilihan wong tuwane. Baskara ngrasa salah banget karo kowe ndhis, Baskara uga kecewa kaliyan wong tuwane, kaya-kaya dheweke didadikake wayang golek wong tuwane loro”kandhane Ani nyoba njelasake.
            “Nengapa mas bas ora blaka karo aku an..nengapa ora kandha karo aku langsung an..nengapa??? nengapa kudhu ngene carane ??? atiku lara an...atiku lara...huuu...huuuuu...huuuu...” tangise Gendhis  nggrigisake ati banget.
            “Baskara ora sanggup kandha kuwi kabeh marang kowe ndhis, dheweke banget ajrihe” kandhane Ani.
            “Tapi yen mengkene iki, sansaya nglarakake ati banget An..dheweke lunga ngono bae, tanpa katrangan, tanpa omong-omongan apa-apa, iki ora adil An..ora adil banget kanggo aku”
            “ Ndhis..coba yen kowe ana ing posisine Baskara..kowe mesti ngrasakake kaya kang Baskara rasakake saiki” kandhane Ani
            “Aniiii...huuuuu...huuuuu...huuuu”tangise Gendhis pecah.
Kelorone sansaya raket anggone sesikepan.
“Aku pengen ketemu karo mas bas an.....huuu..huuuu”
“ Ndhis..menawane ngono kepengen ketemu kaliyan mas bas..aku ngerti omahe si Lastri “
“Ayo ndang mangkat an...aku kepengen temu karo mas bas..”
“iya an..ayo..tak terke rana..tapi ngono janji ora bakal tumindak sing aneh-aneh”
“hmmm...”Gendhis nggrendem
Bocah loro mau age-age mangkat ono omahe bojone Baskara. Omahe ora patio adoh saka panggonan mau. Langit dina kuwi katon mendung..kaya-kayane meh udan deres. Bledheke gawe ati ajrih, swarane glundhang-glundhung.
            Ana motor lorone pada meneng-menengan, kungkum ana pikirane dhewe-dhewe.
 “ An..apa ya klambi sing tak nggo iki pantes nggo mertamu ana omahe bojone mas Bas?”takone Gendhis mecah sepi
“ Yen menurutku ya pantes Ndhis..ngono wonge rak yo mlipit terus anggone klambenan” jawabe Ani
“ Hmmm..”
Sadawane dalan, Gendhis nata atine supaya mengko ora tumindhak kang gawe wirange awake dhewe, wirange sekabehane.
            Tekan ana ngarep omahe Lastri
            “ Kowe tenan meh nemoni Baskara ndhis? Pitakone Ani
            “hhhmmm...iya An..ndang bubar prekarane”
Platara omahe Lastri ombo, ngarepe kae ana tamane, ana pirang-pirang hiasan kang ngramekake plataran omahe. Sejangkah..sejangkah Gendhis mlaku ana omahe lastri, niate wis mantep neng atine, Baskara kang dituju.
            Tekan ngarep lawang.
            “Assalamu’alaikum..”
            Saka mburi ana wong wadon jarikan, umure kira-kira 50 tahun, kesusu kanggo mbukakake lawang. “ Wa’alaikunsalam..mangga mbakyu..mangga-mangga sami pinarak rumiyin”
            “Nggih bu..matur nuwun” kandhane Gendhis karo mesem.
            “Mbak’e kancane mbak lastri menapa mas Baskara?” pitakone wong wadon kuwi
            “Kalih-kalihe bu..kaliyan mbak lastri kula tepang,,kaliyan mas bas nggih sami bu”
            “Waah..ngono tha, saking pundi nggih?”
“Kula lan kanca kula saking kecamatan Sokoreja bu, kula niki nembe mireng, bilih mbak lastri dados manten kaliyan mas Baskara, kekalihe kok boten ngundang kula bu..napa kesupen napa pripun”jawabe Gendhis.


“Hoalah..mestine nggih niku klinthut mbak..maklum nggih mbak..saking kathahe kanca..mbak lastri kaliyan mas Baskara dados sok kadang wonten ingkang boten diundang “ wong wadon kang kaya-kayane rewange keluargane lastri nyoba njelasake.
“ Nggih bu..boten napa-napa..bade dados manten kan sok-sok sibuk sanget nggih bu, ngantos kadang bingung” kandhane Gendhis
“ heee..hee...nggih mbak..sekedhap nggih mbak..kula tak nimbali mbak lastri kaliyan mas Baskara rumiyin “ pamit rewang mau
“ Nggih..nggih bu..sumangga..”
Ora suwe sawise jumedhul wong lara saka njero. Baskara kang ora nyana-nyana sapa kang teka wektu iku, krasa mak jundhal atine nalika weruh wong wadon kang banget ditrsenani iku ana ing ngarepe saiki. Lastri kang ngirane kuwi amung kancane bojone Baskara biasa wae anggone nanggepi.
“Mangga mbak..sinten nggih?”
“Kula Gendhis mbak..lajeng kanca kula Ani, kula kekalih menika kancane mas Baskara nalika SMA”
Baskara kang dituju raine biru kecu. Atis kabeh. Lemes anggone krungu swarane Gendhis njawab pitakone bojone, kaya-kaya ana lading-lading kang pada tunancep ana ing dhadhane.
“Oalah..piye tho mas Bas kuwi..ana kancane kok meneng wae” kandhane Lastri karo bojone
“ Boten napa-napa mbak..kadose mas Baskara taseh pangling, lha wong arang banget anggene temu, kula wonten walanda mrika, dados nggih dereng nate temu malih salajenge lulus SMA riyin nika mbak Lastri” kandhane Gendhis ora blaka.
Rasa-rasane Baskara kepengen nubruk sikile Gendhis, kepengen nggembor, kepengen njaluk ngapura, kahanan kang mangkana iki malah dadikake atine Baskara sansaya kalara-lara. Drama kang digawe Gendhis supaya ora nglarani atine bojone kuwi gawe Baskara sansaya ngrasa salah kang banget gedhene marang Gendhis.
Sasuwene Gendhis lan AnI ana kono, Baskara amung njegegeg ana kursine, babar blas ora ngucap sethithik-thithika. Cangkeme kaku, ilate kaku kanggo omong-omongan. Anggene Gendhis ngerti yen Baskara nandhang cuwa karo bojone dhewe Lastri, yaiku bojo kang diolehi saiki wis ora wutuh anggone dadi wanita. Sucine Lastri wis kajaluk dening wong liya. Mesti yen Gendhis ngrungu warta kang mangkana kuwi, Gendhis bakal ngguyu Baskara sak puase Gendhis, pikire Baskara.

Dirasa cukup Gendhis nglampiasake rasa cuwane marang Baskara kanthi cara alus, Gendhis lan Ani pmitan karo manten anyar iki.
“ Mbak Lastri, kula nyuwun pamit, sampun sonten..” kandhane Gendhis
“ Alaah..mbak..wong nembe sekedhap kok anggone mertamu sampun nyuwun pamit” jawabe Lastri
“Gampil mbak..saged disambung malih kapan-kapan, niki rak mbok menawa mbak Lastri wonten jejibahan sanese, kula rak boten penak mertamu dangu-dangu”
“Wong kulane boten napa-napa kok, seneng anggone omong-omong kaliyan mbak Gendhis, njenengan rak tiyange sumeh, gampang anggone dipun jak guneman, menawi mangke-mangke selak mbak Gendhis kesah dhateng walanda malih”
“ Nggih mangke mbak Lastri gentosan tindhak ngrika, terose tiyang-tiyang nika honey moon ngaten lah mbak” kandhane Gendhis karo gumuyu.
Mak krenyes atine Baskara bareng krungu Gendhis ngomong honey moon marang walanda. Biyen rak dheweke tau duwe rencana karo Gendhis arep honey moon ana walanda, sawise nikah karo Gendhis.
“ Nggih insya Allah mangke mbokmenawi mas Bas purun tindhak dhateng ngrika” jawabe Lastri.
“Nggih kedhahe purun tha mbak.kangge tiyang estri ingkang ditresnani kok ngantos boten purun niku pripun”
Wong loro mau bareng ngguyu bareng. Nanging kanggo Baskara dhewe, tembung-tembung kuwi kaya mateni dheweke alon-alon.
“Nggih mpun..pareng riyin mbak Lastri, mas Baskara..mugi-mugi pinaringan langgeng, cepet diparingi momongan” kandhane Gendhis.
“Mangga..mangga..maturnuwun mbak Gendhis..mbak Ani” jawabe Lastri.
Bocah loro mau banjur numpak motor maneh. Kanthi bocah loro mau wis ora katon ana belokan, Baskara isih wae njegegeg ndelokake dalan. Rasa-rasane isih ana Gendhis neng kana.
            Yen ora digandheng bojone mlebu njero, Baskara tetep wae kaku ana ngarep omah.
            Sawise ditekani wong wadon kang banget ditresnani, Baskara sering mlompong, pandengane kosong. Yen ditakoni bojone kena apa, Baskara amung jawab  cendhet. Baskara wiwit ora doyan mangan, awake sing mau-maune subur, wiwit kuru..kuru..nganthi balunge katon njenggol ana pipine, kahanan kang nreyuhake

banget. Rasa keduhung kang makaping-kaping, numpuk sagunung. Gawe Baskara ora bisa tumindhak apa-apa. Ana kantor dheweke ya sering ngalamun, ora semangat anggone makarya. Kuwi sing gawe ndhuwurane duka kaliyan Baskara. Ana sawijining dina, Baskara nrima PHK saka ndhuwurane.
            Lastri kang ngrungu pawarta kang mangkana langsung nesu-nesu karo Baskara, dheweke ora gelem yen nganthi uripe susah. Wong tuwane Baskara kang ngerti kahanan Baskara, nyoba nambakake Baskara marang wong pinter, aajake Baskara iki ana sing nakali. Ditambakake marang endi wae sing ana wong pinter, nanging hasile ya tetep mangkana, wong tuwane ora ngerti yen sebenere anake lagi nandhang lara batin. Lara batin kerana dipeksa nikah karo wong kang ora ditresnani.
            Lastri nglunjak, mikir carane piye bisa pegat karo Baskara. Dheweke serong karo wong lanang sing biyen njupuk kesuciane Lastri, wong lanang sing biyen dadi pacangane Lastri. Dheweke serong ana ngarepe Baskara, ana ngomahe dhewe, Lastri tumindhak kang mangkana. Pikire Lastri yen bojone weruh anggone tumindhak kang mangkana, dheweke bakal langsung dipegat dening Baskara. Nanging kayane apa kang dikarepake Lastri urung bisa kawujud. Baskara ndelokake bojone tumindhak mengkana karo wong sing ditresnani bojone.
            Lastri cuwa. Lastri blaka jaluk dipegat karo Baskara mergaa nang wetenge saiki wis wiji kang thukul antarane Lastri karo wong liya. Baskara tetep ana katetepane, ora bakal megat Lastri. Lastri gregetan. Saben dina sing dijaluk karo Baskara yaiku pegat. Saben Baskara dijalukkinkang mangkana kuwi, dheweke meneng wae.
            Iku sing ndadekake  Lastri sansaya gemes marang Baskara. Wetenge sansaya gedhe. Lastri nekat. Dheweke gelem anggone digawa mlayu karo wong lanang liya. Baskara kang ngrungu pawarta mangkan saka wong liya, langsung marani panggonane anake, ditangisi anak kang mesakake banget uripe.
            Wong tuwane sadar yen iku kabeh salahe wong tuwane sing biyen wis maksakake Baskara nikah karo wong wadon kang ora ditresnani karo anake kuwi. Kepengen rasane wong tuwane Baskara kanggo muter wektu maneh, mbalekake kang kaya biyen maneh sadurunge Baskara nikah karo Lastri, wong tuwane kepengen Baskara milih wong wadon sing ditresnani, supaya uripe ora dadi kaya ngene iki. Nanging sekabehane rak wis kebacut.
            Beda maneh kaliyan Gendhis, sawise ditinggal nikah karo Baskara, Gendhis netepake kanggo nerusake sekolah ana Groningen, Walanda.dilampiaske kabeh rasa cuwane kanthi cara kang apik. Dadikake Gendhis dadi mahasiswi paling apik ana kampuse. Gendhis wis ora ngileng-ngileng kedadeyan kang wis-wis.


Baskara duwe pikiran kanggo nyusul ana Walanda. Atine Baskara wis ora kuat nahan sesek ing dhadha. Tujuwane amung arep jaluk ngapura karo Gendhis lan kepingin ngerti kabare Gendhis, apa dheweke wis nemu ganti dheweke, nanging umpamane wis nemu ya baskara durung siap nrima kanyatan kang mangkono.
Baskara ngluru informasi ngenani Gendhis, alamate Gendhis ana Walanda. Teka omahe Ani, Baskara ora pikanthuk info apa-apa. Ani ora pengen kanca rakete kuwi kalara-lara maneh merga Baskara. Ani amung meneng nalika baskara teka, sing sabenere ya Ani ngerti kabeh ngenani Gendhis, nanging Ani ora blaka karo Baskara.
Baskara ora ngerti maneh karo sapa dheweke takon ngenani Gendhis, kanca rakete Gendhis amung Ani. Banjur dheweke kelingan karo Amar. Ya..Amar uga cedhak karo Gendhis. Nanging prekarane, ana ngendi Amar saiki, dheweke ora ngerti.
Pirang-pirang sasi dheweke anggone ngluru panggonane Amar. Diluru kanthi ngendi wae, Amar tetep ora ketemu. Iku meh wae gawe Baskara pupus kekarepan. Ana alam nyata dheweke ora bisa nemoni Amar, dheweke nyoba ngluru lantaran donya maya, ngenget jaman saiki wis sumadya teknologi kanggo nggampangake manungsa. Ana akun jejaring sosial, dheweke nemu ana jeneng kancane ana kono, miturut biodata kang ana nag kono, Amar manggon ana Groningen, Walanda. Saka Amar kayane Baskara bisa ngerti panggonane Gendhis.
Baskara mantep anggone mangkat ana Walanda. Saka Indonesia dheweke numpak motor mabur tumuju Walanda. Bareng tekan Walanda, sing dituju yaiku alamate Amar.
Ora angel kanggo nemokake panggonane Amar. Barang tekan ngarep omahe, cepet-cepet Baskara mlaku tumuju ana lawang omah kuwi. Saka njero krungu swara bocah-bocah cilik. Iki pasti anak-anake Amar, pikire Baskara.
Diketok lawang kuwi makaping-kaping. Suwi urung ana sautan saka njero. Kayane wong tuwane lagi pada neng mburi, diketok maneh dening Baskara. Ana swara bocah cilik ngundang-ngundang bapake. Ora let suwe ana swara lawang dibuka, barang dibuka, sing katon saka lawang kuwi wong lanang kang nganggo kacamata, wajahe kebapakkan banget, disusul neng mburi, bocah cilik wadon kang ayu banget, manis wajahe.
Durung sida anggone Baskar ngomong karo wong kang ngadeg ana ngarepe, saka mburi nyusul kenya ayu kang wis ora asing kanggo Baskara, bedane amung saiki luwih keibuan. Ana ing pikirane, Baskara langsung mikir sing ora-ora, weruh kancane, Amar barang seomah karo wong wadon sing wis suwe diluru-luru marang dheweke. Gendhis. Kandhane Baskara lirih, malah ora keprungu  kajaba awake dhewe.



Amar cepet bisa ngondisikake kahanan, dijak mlebu kancane sing ngadeg wae ana ngarep lawang, dijak njagok ana ruang tamu omahe Amar. Nanging Baskara tetep wae mandeng Gendhis. Amar dehem.
“Piye kabare bas?”pitakone Amar
Namung apa kang ditakonake marang Baskara, beda anggone Baskara nyauti pitakone Amar.
“Apa Gendhis saiki dadi bojomu mar?” Baskara malah balik takon.
Durung sida anggone Amar njawab pitakone Baskara, Gendhis njawab
“ Iya mas Bas..mas Amar saiki saiki dadi bojoku, lan bocah-bocah cilik kae, anakku karo mas Amar”
“Ndhis..jare ngono amung tresna karo aku..nengapa saiki ngono bebojoan karo Amar?”
“Lajeng..mas Bas dhewe piye karo aku? Mas Bas ninggal aku terus nikah karo wong liya tanpa katrangan?”
“Ngono ora ngerti aku ndhis..wektu iku anggonku nikahan karo Lastri iku kepeksa nuruti kepengene wong tuwaku,,”
“Panjenengan ya ora ngerti..piye rasane sakbibare ditinggal nikah marang panjenengan mas?sakniki sawise aku bebojoan karo wong liya, panjenengan rawuh malih wonten mriki, napa panjenengan sampun dicampakaken marang mbak lastri?”
Baskara wis ora bisa ngomong maneh, ilate wis kelu.
“Aku wis krungu kabeh critane panjenengan karo Lastri mas”
“Aku mrene amung arep njaluk ngapura marang ngono ndhis..”
            “Wis tak ngapura mas”
“Maturnuwun ndhis..aku wis ngrasa lega saiki, aku pamit bali”
“ Bas..bas..mengko ndisik..nginepa barang pirang dina ana kene, wis suwe awake dhewe iki ora guneman” jare Amar
“Ora mar..kapan-kapan wae..aku wegah ngganggu omah-omahane wong liya”kandhane Baskara karo lunga metu saka omahe Amar, saka omah kang gawe atine Baskara duwe tatu anyar.


Weruh kancane lunga, Amar arep ngoyak, nanging dipenging karo Gendhis.
“Ngapa ngono ngoyak Baskara?”
“Mesakake ndhis..adoh-adoh dheweke teka rene amung pengen temu kowe, pengen beresake prekaramu karo Baskara, nanging barang tekan kene kowe malah ngaku yen kowe saiki bebojoan karo aku, lan ngaku bocah-bocah iki anake dhewe?”
“Aku durung bisa lali, marang apa kang wis ditindadake Baskara marang aku mar, aku pengen dheweke ngrasakake apa sing aku rasakna telung taun kepengker, rasa-rasane aku kelangan sekabehane mar..lan apa masalahe yen bocah-bocah iki tak aku anak, sanajan amung anak temon.”
“Ndhis..kowe aja anut marang egomu dhewe, sejatine kowe rak yo isih tresna karo Baskara, lan nyatane ya bener, tresnamu amung kanggo Baskara, dheweke wis nyoba ndandani sekabehane, kudune kowe trima dheweke kanthi ati kang legawa”
Gendhis amung meneng.
Cepet-cepet Amar nyusul Baskara. Diluru ana ngendi lungane kancane. Tekan sawijining taman ana kutha Groningen, dheweke weruh Baskara lagi nangis dhewekan. Diparani Baskara kang lagi nangis kuwi.
“ Bas..” undange Amar.
Ora ana tanggepan saka Baskara
“Bas..kabeh sing mbok prungu kae ora bener”
“Maksutmu apa mar?kowe amung melas tha ndelok kahananku kang mangkene?”
“Ora bas..aku ora nggawe-nggawe, Gendhis dudu bojo senajan aku kepengen banget dadi bojone tenan nanging nyatane tresnane Gendhis amung nggo kowe bas”
“Lha terus..bocah cilik-cilik kae??sing jare anakmu karo Gendhis?”
“Aku karo Gendhis momong anak kang ora kaurus saka Indonesia, tak gawa mrene..Gendhis seneng banget karo bocah-bocah cilik”
“lha terus ngapa Gendhis ngapusi marang aku mar?”
“Gendhis ora kepengen katon ora kuwawane neng ngarepe kowe bas..nanging jane dheweke isih mendhem rasa tresna kang gedhe marang kowe bas”
“Lha banjur..aku kudu piye mar??”
“ Kowe ora oleh nyerah bas..terus wae anggone ngoyak tresnane Gendhis..suwe-suwe ya Gendhis bakal nrima kowe maneh..wong sebenere dheweke isih tersna karo kowe”

“Matur nuwun Mar..matur nuwun..”
“Wes..aja nangis wae ana kene”
Kanthi usaha kang tenanan, akhire Gendhis gelem nrima Baskara. Telung dina maneh dina nikahane Baskara kaliyan Gendhis, kabeh padha melu seneng.
Barang Gendhis dadi bojone Baskara, ora let suwe Gendhis ngandhut anake Baskara. Pancen, iki nyenengake banget sawise nglewati dalan urip kang ora bisa dikandhakake seneng.
Sangang wulan lawase, Baskara kaliyan Gendhis ngenteni laire anak sing wis diimpi-impi. Tekan sawijining wengi, Gendhis ngrasa wetenge lara, nyeri kang banget-banget. Marang Baskara, Gendhis digawa ana rumah bersalin, kaya-kayane bojone iki meh babaran. Kabeh keluwarga wis padha siaga nyambut anake Baskara kaliyan Gendhis. Tekan ing tengah wengi, keprungu tangise bayi kang mecah sepi. Nanging tangis bayi kang gawe ati bombong kuwi banjur kasusul dening tangise Baskara kang nreyuhaken ati. Barang bayine lair, Gendhis diundang marang Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Ujian apa maneh kang diparingake Gusti marang Baskara. Barang uripe wis seneng, wong sing banget ditresnani dijupuk marang pangeran. Baskara tangisan bareng karo bayine, bayine kaya-kaya ngerti yen ibune ora bisa ngancani dheweke urip ana ing donya iki.
Kabeh wis ana sing ngatur. Tekade Baskara namung siji, ngrawat Gendhis cilik iki kanthi tresna ingkang kaluwih-luwih. Baskara ora meh gawe bojone cuwa ana alam kana.

Cuthel