Sabtu, 07 Juni 2014

Kae

Kae
dening : Melanti Rizkiyah

                                                                      
Kandhane mencla-mencle
Beda neng kana beda maneh neng kene
Lamis
Aweh sesorah ora uwis uwis
Petinthang..petinthing..
Polah sakkarepe dewe
Dhidhat dhidhit dhidhat dhidhit..
Tangkring ana ing mercedes nek jare wong kae
Hoalah..lha sopo ta???
Kaya kayane benget mangkelake ati
Kae lho..sing pada cangkrukan neng kursi
Sing regane nem likur yuta
Kae lho..sing jambane wae regane sa’ haa..haa..hee..hee
Kae lho..sing gawene nilep kana kene
Kae lho..sing gawene nyate kancane dhewe

Mesaake..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar