Selasa, 10 Juni 2014

Sisihna Atimu Kanggo Aku

Sisihna Atimu Kanggo Aku

Kaya biasane saben malam minggu ngene, wektune aku kanggo jaga kost-kostan. Wis setahun iki aku langka metu yen malam minggu. Kejaba pancen ora duwe sisihan yo aku uga males yen mlaku-mlaku neng tugu muda utawa simpang lima mesti ramene. Aku luwih seneng dadi satpam kost-kostan, swasana sepi kang langka neng kost bisa kanggo nenangake pikir.
Awit duweni status jomblo, malam minggu ya ngene iki dewekan ana kost. Sejatine yo ora mung siji jejaka sing ngejaki metu nanging aku uga ora sreg, mulane aku mending milih ana kost. Kuwi yen ora ana kegiatan kampus, awit melu organisasi neng kampus uripku kayata mung ana ing kampus lan kampus. Kost bae langka tak dipanggoni paling yen wengi kanggo nyelehake awak.
Jam pitu bocah-bocah ana kostku wis padha dandan ayu-ayu , padha siap-siap ngenteni pacare marani. Seko siji bocah-bocah mau padha lunga karo pacare, pungkasane ya kari aku dewekan neng ngarep TV. Kaya biasane yen wis dewekan ngene aku mlebu kamar lan nulis-nulis apa sing pengen tak tulis, merga pakulinan apa kepiye aku ora ngerti nanging aku seneng yen dikon nulis-nulis mbuh dadine mung curhatan apa malah sketsa gambar kang ora nggenah.
“Taraa……” swarane Vika ngageti aku kang lagi nulis-nulis.
“Kena apa Vik, yahmene kok wis bali?” pitakonku ngemu surasa elek.
“Ora apa-apa kok, iki  martabak saka mas Rony jarene kanggo kanca kowe he…he…”
“La kangmasmu ana ngendi?”
“Isih neng koste mas Nanang, mengko yen wis rada wengi rene maneh arep ngajak leletan, kowe arep melu apa ora?” ajake Vika.
“Leletan?”
“Iyo leletan neng gang pete kae lho, kowe durung tau mrono to?”
“Yo nek mung lewat tau, nanging durng tau mlebu, lha arep karo sapa wae to Vik?”
“Yo paling kanca-kancane mas Rony nek karo kowe kan aku ana batir wadone, kepriye?”
“Yo mengko gampanglah..” jawabku kepenak.
“Okelah, jam sewelasan yo!”
“Siph..”
Vika, kanca sekamarku kae pancen sregep nek dikon dolan. Mbokyo wayah udan nek deweke karep ya tetep dilakoni, apamaneh yen keprungu “KOTAK” band sing disenengi manggung yo wis nganti lali wektu. Pacare sing jenenge Rony kuwi awale yo kancaku bocah ekonomi, merga rada lumayan lan cekelane stang bunder mula akeh sing pada kepingin kenal termasuk Vika. Lan alhasil dadi tenan Rony karo Vika, bahasa gaule aku makcomblange.
Ora krasa kertas sing mau werna putih saiki malih wis dadi ireng rupa coret-coretan. Merga pikiranku sing lagi putek kertas mau yo mung malih dadi coret-coretan kang ora nggenah. Jare Vika aku bakat dadi penulis nanging kok nek miturutku iki yo merga krana kebiasaan bae, awit cilik aku pancen seneng nulis.
“Git, ndang siap-siap to wis meh jam sewelas iki!” kandane Vika mrentah.
“Iyo tinggal ganti klambi karo sisiran bae kok”
“Ora dandan kowe?”
“Lah..nggo apa?”
“Menawa ana sing kesengsem karo kowe ngono”
“Nek pancen seneng rak yo apa anane to?”
“Yo, bener pancen”
 Ora let suwe leh ku siap-siap jemputane wis teka. Tekan leletan aku kaya wong bingung, asline yo pancen bingung la wong aku lagi pisan iki mrono kok. Sing ana yo mung para muda kang lagi tongkrongan sinambi ngopi lan ngrokok. Ngertia ngene mending aku ora usah melu mau, ngono batinku. Wis wonge ora kenal kabeh, rony karo Vika yo malah pacaran, siji-sijine wong sing lagi bae tak kenal Aji malah ngobrole bab pakuliahan terus, nambahi ngelu pokoke. Pancen Dewi Fortuna ning tanganku, ndelalah lampune mati yo gelem ora gelem metu saka kono.
###
“Git..” kandhane Vika bareng wis tekan kost.
“Hmmm… ana apa?”
“Kowe seneng rak ndelokke Aji mau, kaya Naga Lyla to?”
“Ganteng sih ganteng nanging aku biasa wae kok Vik”
“La sing mbok karepke ki sing kaya apa to Git?”
“Yo sing sreg ning ati to Vik, nganti tekan sakmene aku durung bisa nemoake gantine Rendi”
“Kowe ki piye to Git, Git.. wingi kae ana Dika sing genah-genah tresna tenan kok tolak, Fandi sing nurutan kaya ngono ya kok tolak, Satya sing tekan saiki ngenteni yo ora diopeni, njaluk sing kaya apa maneh?”
“Sing kaya pangeran Charles he..he…” jawabku guyon.
“Pungguk ngenteni mbulan kuwi jenenge”
“La piye maneh Vik, aku jane yo wis ana sing ngisi atiku akhir-akhir iki kok”
“Sapa jejaka mujur kuwi Git?”
“Kancaku biyen, senenge yo awit biyen nanging wis sewulan iki dheweke njedul maneh”
“Kok aku ora tau ngerti to Git?”
“Apa kowe ya kudu ngerti!! Kowe kan dudu malaikat he…he…”
“Kenalke to Git!”
“Rung dadi kok, sesuk yen wis dadi tak kenalke”
“Oke, tak tunggu makan-makane”
“O..dasar weteng wae sing mbok pikir,wis turu yo ngantuk aku”
###
Galang, jejaka sing sakwene ngisi atiku, senajan wis patang taun ora ketemu langsung nanging ana chemistry sing ndadekake aku tresna marang dheweke. Awit pedot karo Rendi aku durung bisa nemoake ganti sing bener-bener sreg, malah anane yo aku sing gawe kuciwa wong lanang merga aku ora sreg.
Facebook jejaring sosial kang nemokake maneh aku karo Galang, merga kuwi aku banjur bisa komunikasi marang dheweke ora mung lewat fb, nanging uga lewat HP.  Kayata wong lagi nandang tresna liyane saben dina yo mesti smsan. Sedina ora sms bae rasane kaya setahun.
EHEM…
AP?
EZ DWE CEW ANYAR YO? SOMBOG SAIKI.
CP TO?
MNTANMU. BALIKAN NEH TO?
ORA YO, SALAH INFO KWE, DY PANCEN NGUNU NEK KRO AQ SNENGE NGUNDANG BEB. DY Y WES ANA SING DWE KOQ.
OH…
MANK PYE TO? AMEH DAVTAR?
NEK ENTUK
ENTUK, TP…
TP APA?
DWE KAN ADOH SMRG-JOGJA, PCARANE PYE?
ANGGER SNENG KAN ORA AP-AP. LA KWE PYE?
TP KWE KAN DRUNG TAU WERUH AQ SING SAIKI, KOK ISO SNENG?
RASA KWI ANA AWIT BIYEN OG, KLAS 1.
HA???PRSAAN AQ BYEN G KNAL SPA2
KUI KAN GUR PRSAANMU.LA PYE ? NEG MEH DJWB MANGGA.NEK ORA Y ORA AP2.
AQ PGEN BUKTI
BKTI AP?
BKTI YEN KWE SNENG KRO AQ.
YA, BSA AQ PGEN WERUH KWE SING NYATA. SSUK AQ NENGJOGJA.
Apa sing ana ning pikiranku wektu kui, nanging aku ngrasa yen aku pancen wis kudu ngomong bab iku marang Galang. Aku ora seneng mendem rasa. Senajan aku iki wong wadon nanging aku luwih seneng yen blaka apa anane, ora urusan arep diomong wong apa.
10-12-10
Dina kuwi aku nekat menyang Jogja arep nemoni jejaka sing tak tresnani, aku ora paham babar blas daerah kono. Beja aku duwe kanca sing kuliah ana kono senajan ora kanca raket nanging bisa kanggo tetulung. Aku budal saka semarang dina sabtu sore tekan terminal tirtonadi wis jam wolunan, banjur malam minggu aku nginep nang koste kancaku, rencanane minggu esuk aku arep nemoni Galang.
Jogja wayah esuk pancen nyenengake, swasanane beda karo Semarang. Pancen ngono nyatane apa amarga aku sing lagi nandang tresna dadi kabeh-kabeh katon apik. Esuk-esuk aku wis adus lan dandan beda karo biasane, ukara-ukara sing bakal tak omongke mengko yen ketemu Galang uga wis tak siapke. Aku karo Galang janjian nang UNY, kampuse Galang jam sepuluh esuk.
“Gita yo?”
“Iyo, kowe Galang to?”
“Iyo, tambah manis wae kowe”
“He..he…nggombal. Aku ora mblenjangi janji to?”
“Iyo, salut aku”
“Yo muga-muga wae aku entuk kabar apik bali nang Semarang mengko”
“Amin, neng kono wae yo..! katone luwih kepenak yen karo rondenan” Galang ngajak nang lapak bakul Ronde.
“Seger ya hawane neng kampusmu”
“Yo merga sepi wae, nek senin rakyo padha wae sumpek he..he…”
“Oh… pye kaget ora weruh aku?”
“Ya rada pangling, wis gedhe jebul he…he…”
“Ya mosok cilik terus, ngerti to apa sing tak enteni marang sliramu?”
“Iya Git, jujur aku pancen lagi nggolek sisihan. Ketemu kowe mau yo pancen seneng, wong lanang sapa to sing ora seneng ndelokke wong wadon ayu.”
Galang nglereni ngomonge nambahi atiku dag dig dug.
“Nanging ya kuwi Git, nek jarak jauh kaya ngene iki kayane aku durung bisa, mungkin trauma karo sing dhisik”
“Umbb…. Yo maturnuwun yow is njawab senajan ora kaya mangkono sing tak karepke, nanging aku uga ora bisa mekso.”
“Sakdurunge aku njaluk ngapura yo Git”
“Iyo ora apa-apa”
Rasane kaya diiris-iris atiku keprungu jawabe Galang, nanging yakuwi tresna ora kena di peksa. Aku mung njaluk karo kang Gawe urip sisihna atine Galang kanggo aku menawa besuk isih bisa ketemu maneh.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar