Selasa, 10 Juni 2014

Pasar Pahing


Pasar pahing
dening : Melanti Rizkiyah

Pedhut  klawu
Nggubeng sakupenge dhusun
Nadyan dina isih pajar
Nadyan hawa adhem njalari asrep
Pawongan kemulan sarung
Padha mlaku iring-iringan
Bebarengan
Tumuju pasar pahing
Ana pucuking  dhusun
Wis rame pawongan
Wis rame dagangan
Samubarang samapta
Pasar kang binukak seminggu pisan

Dadi tujuning utama

Tidak ada komentar:

Posting Komentar