Pagah
dening : Melanti Rizkiyah
Tansah pagah
Nadyan dalan sing dak liwati
ora gampang
Tansah pagah
Nadyan ing tengahing aspal
tanpa sandhal
Tansah pagah
Nadyan eri mbeset kulit
Tansah pagah
Nadyan tumetesing luh sansaya
deres
Tansah pagah
Nadyan jangkah iki
keraya-raya
Tansah pagah
Nadyan ati keranta-ranta
Tansah pagah
Tansah percaya
Awak iki isih duwe Gusti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar