Wengi
dening : Melanti Rizkiyah
Wengi
iki wengiku
Nalikane pawongan wis padha
turu
Wengi iki duweku
Nalika playune angin sansaya
keprungu
Wengi iki amung kanggo aku
Nalika ana banyu sinuntak
saka awang-awang
Gumrujug
Gumleger
Kodhok bangkong jejingklakan
bungah
Manuk-manuk tutupan godhong
Wengi iki
Wengi anyep nentremke ati
Nalikane eling marang Sang
Hyang Widhi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar