Sabtu, 07 Juni 2014

Manise Esemmu

MANISE ESEMMU
dening : Melanti Rizkiyah

Gumeter ati iki nalika anyawang
Esem manis pindha madu
Kang mijil saka lathi tipis manis
Sapa kang nduweni iku??????

Dhasar ati lagi nandang asmara
Arum ganda kusuma amrasuk sukma
Esemu agawe adhem ati pangayem jiwa
Pindha tirta kasok saka kendhi pratala

Nyata esemu angawang ing pikirku
Dadi pangungun ing wayah awan
Iya dadi impen ing wayah ndalu

Apa pantes aku tresna marang sliramu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar