Sabtu, 07 Juni 2014

Sugeng Tanggap Warsa

Sugeng Tanggap Warsa
dening : Melanti Rizkiyah

Tumuju ing wayah lingsir wengi
Aditya wus sumurup ana ing andongane
Kaganti dening lintang kang padha gumebyar ana ing langit
Emprit sing padha nggegurit
Prenjak kang padha semanak
Guyune kupu, tangise kinjeng wis ora keprungu
Kijolan kaliyan
Jangkrik-jangkrik kang padha ngerik
Swara jam kang kaya kaya tambah seru anggone muter
Sepi ing rina wengi
Nggegiring dina iki tumuju esuk kang luwih ngajeni
Esuk kang luwih dumadi
Ing tengah wanci iki
Yuswamu katambahan sakwarsa
Sugeng tanggap warsa
 hanamung lantaran guritan ora sepiro
Mugia kabagas warasan tansah kaparingaken marang sliramu

Mugio gampang gangsaring ngaurip tansah angiringi lakumu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar