Selasa, 10 Juni 2014

Indonesia

Indonesia
dening : Melanti Rizkiyah

Indonesia misuwur
 Cinarita bab luhur makmure
Indonesia misuwur
Cinarita bab ayem tentreme
Indonesia misuwur
Pamong prajane tansah nyawiji
Indonesia misuwur
Lemah subur gembur
Indonesia misuwur
Ulam teka tanpa jaring
Indonesia misuwur
Papan adhem tanpa prahara
Indonesia misuwur
Lemah dikeruk, emas saloka
Nanging ana kene
Ana papan pinggiring praja
Kabeh mau miturutku amung pulasan
Sabab
Papanku papan amba tanpa gedheg
Lampuku lampu padhang lintang johar
Kemulku akemul pedhut kandel lingsir wengi
Kaya-kaya crita mau
Tumprap Indonesia ing papan liya
Nanging ana ngendi papane?

Aku dhewe ora ngerti

1 komentar:

  1. Lucky Club Casino Site Review & Rating - LuckyClub
    Lucky Club Casino is a leading independent and independent gambling website. We are an independent gambling operator providing real money online gambling. Rating: 7/10 · ‎Review luckyclub.live by LuckyClub

    BalasHapus