Sabtu, 07 Juni 2014

Suka Syukur



SUKA SYUKUR
dening : Melanti Rizkiyah

Gegodhongan obah tumiyup angin
Soroting surya aweh pepadhang yekti
Pepadhang dalaning panguripan
Ancas mulyaning agesang

Suka syukur pepuji marang gusti
Gusti kang amurbeng dumadi
Kang aparing gesanging manungsa
Pangripta jagad lan saisine

Yen,,,ta akeh manungsa kang kufur
Mokal gusti aweh rejeki
Yo sedulur padha syukur

Manembah amuji marang gusti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar