“ RODHA PANGURIPAN “
dening : Melanti Rizkiyah
Soroting surya
ambabar langit ing sisih wetan, kairing dening jago kang kluruk sesautan. Mega
katon sumurat abang, hawa seger nlusup nganti balung sumsum, embun isih tumetes nelesi gegodhongan. Desa
cilik ing sangisore gunung ungaran aran desa Sidomukti, esuk iku wis katon
regeng dening wong-wong kang ana ing desa iku. Ana sing budhal menyang sawah,
ana kang budhal kerja ing pabrik, bocah-bocah padha pamitan budhal menyang
sekolah, lan uga wong-wong liyane kang budhal makarya kaya biasane. Ing desa
iku ana sawijine bocah lanang enom jenenge Bagaskara Kartodipura, nanging kerep
diundang bagas. Bagas iku dasare bocahe bagus, lan uga sregep. Bagas iku anake
wong kang ora duwe, uripe mung pas-pasan. Bapak ibune mung saprenah tani kaya
wong ing desa umume.
“Le, bapak tak
budhal menyang sawa dhisik ya. Kae mengko sapine dipakani suket sing wingi. Iki
bapak tak ngarit maneh kanggo pakan mengko awan!” ujare bapakne bagas..
“ inggih pak,
kaleresan mangke kula ugi wonten sabin mangke suketipun kersane kula ingkang
bekta wangsul.” Bagas mangsuli.
“ O iya , aja lali
mengko ibumu kon gawake wedang kanggo bapak, ya??” Tambahe bapakne bagas sinambi njupuk arit.
“ Ngestokaken
dhawuh, Pak.” Jawabe Bagas.
Kaya mangkono mau
kang dadi pagaweane Bagas lan keluargane saben dinane, pancen dhasare wong
tani. Sanajan hasile mung cukup kanggo mangan, nanging kabeh mau dilakoni kanthi seneng lan jembare manah.
Wektu wis watara jam
11 awan, wis wayahe wong-wong ing sawah padha leren. Ibune Bagas wis tekan
sawah karo gawa wedang lan sega gudhangan kang dadi senengane Bagas lan bapakne. Kabeh banjur padha leren lan
ngrahapi masakane ibune Bagas. Wong-wong wis padha bali, ana kang manggul suket
la nana uga ana kang nggiring sapi kang nembe wae kanggo ngluku sawah, saka
kadohan ing sawah liyane isih katon wong-wong wadon kang isih padha tandur,
sanajan wis wayahe leren.
“Yu,,,,,,yu,,,,leren
dhisik, iki leren ngunjuk dhisik rene!” Ibune Bagas mbengoki wong-wong kang
isih padha tandur.
“ Nggih, matur
nuwun, mbakyu!” wangsulane wong-wong kang isih padha tandur.
“ Pak, sukete mangke
kersane kula ingkang bekta wangsul, bapak nitih sepedhane kula mawon! Jaluke
Bagas.
“ Ora, le. Sukete
bapak wae sing gawa, sisan bapak isih arep nambak banyu sing sisih kidul kae.
Sepedhane gawanen bali wae sisan mediguyang wong kayane rada reged kae.”
Wangsulane bapake.
“ Nggih sampun Pak
menawi mekaten.” Jawabe bagas alon.
Wengine, Bagas lan
wong tuwane lungguh ana ing ruang tamu sinambi cecaturan ngalor ngidul. Ing
kono Bagas arep ngomong karo wong tuwane bab kang wigati kang jan jane pengin
diomongke wit wingi. Bagas pengen ngomong marang wong tuwane yen dheweke pengen
lunga kerja menyang kutha kanggo nyukupi kabutuhane keluargane.
“ Pak, kepareng kula
matur?” Bagas celathu.
“iya, ana apa le?”
bapakne mangsuli.
“Mekaten pak, kula
kepengin nyobi nyambut damel dhateng Jakarta pak mbok menawi mangke wonten
mrika kula saged pikantuk padamelan ingkang langkung sekeca.” Kandhane Bagas
“ Kena apa kudu
menyang Jakarta, apa ana kene kowe wis ora bisa nemokake pagawean kang kepenak?
Jawabe bapakne kanthi swara kang banter.
“ Boten ateges
mekaten pak, mbok menawi mangke wonten Jakarta kula saged pikantuk pengalaman
ingkang langkung kathah.” Tambahe Bagas.
“ Jakarta iku kutha
gedhe, wengis, yen ora ati-ati gawa awak bakale cilaka mengko ing kana.” Ature
bapakne.
“ Iya le, mbok wis
ning desa wae. Kae sawahe bapakmu garapen, mengko hasile gawenen modal usaha
ana kene!” ibune nambahi.
“ Nyuwun
pangapunten, pak, Bu. Boten ateges kula nampik aturipun bapak saha ibu.
Ananging, minangka netepi kewajibanipun kula minangka putra, keparenga kula
nyuwun palilahipun bapak saha ibu.” Jaluke Bagas lirih.
Kanthi rasa kang
abot, nanging ing pungkasane Bagas entuk budhal menyang Jakarta dening wong
tuwane. Kanthi modal tekad kang kuwat, lan donga saka wong tuwane, Bagas budhal
menyang Jakarta.
Esuk gasik kira-kira
jam 5 esuk Bagas wis tekan terminal Lebak Bulus. Bagas banjur mikir arep
menyang endi. Pungkasane Bagas golek kontrakan kanggo manggon sasuwene ing
Jakarta. Sawatara suwe Bagas golek kontrakan, Bagas entuk kontrakan kang rada
murah, dibayar separo dhisik nganggo dhuwit sangune. Wis kira-kira 3 dina Bagas
golek Pagawean, nanging during entuk hasil. Pancen susah golek pagawean kanggone
lulusan SMA kaya dheweke iku. Begjane, sawijine dina Bagas nglamar ing salah
sijine perusahaan periklanan. Bagas melu test, Alhamdulillah Bagas ketampa.
Bagas bungah banget, sanajan wiwitan dheweke nyambut gawe entuk posisi kang
endhek, nanging dhasar bocahe sregep lan rikat agawe pimpinane seneng banjur
jabatane diunggahake dadi manajer. Sanajan wis oleh jabatan kang dhuwur dheweke
ora lali marang wong tuwane lan
wong-wong sakiwa tengene. Dheweke tansah andhap asor. Ing papan pagawean kono
uga dheweke kenal sawijine wanita kang agawe Bagas mambu ati marang dheweke.
“ Maaf mbak, saya
Bagas pegawai baru disini, boleh saya berkenalan dengan mbak?” Bagas mbukani
rembug.
“ O,,,iya mas
kenalkan saya Ratih, mas saya juga baru 3 bulan kerja disini. Mas asli dari Jakarta?” ita kang aran ratih mau takon.
“ Tidak, mbak. Saya asli dari Semarang. Kalau
mbak sendiri dari mana?” jawabe bagas.
“ Wah, berarti kita
satu daerah, Mas. Saya juga asli semarang.” Jawabe Ratih teges.
“ Saged micanten
basa jawa tha, mbak?” Bagas takon maneh.
“ Inggih,mas.”
Jawabe Ratih cekak.
Sawise kenalan iku
Bagas tansaya raket karo ratih. Dina ganti dina, wulan ganti wulan, Bagas mulai
ana rasa tresna marang Ratih. Ora salah yen ana bebasan “ tresna jalaran saka kulina “ amarga kerep ketemu lan srawung
saben dina Bagas dadi duwe rasa kang beda karo Ratih. Lan pangrasane Bagas ora
tinampik dening Ratih, amarga Ratih uga duwerasa kang padha karo Bagas. Sawise
Bagas ngomongake isi atine, Ratih mbukak atine kanggo Bagas. Pungkasane
kekarone banjur pacaran. Ing mulane kabeh katon nyenengake lan guyub rukun.
Nanging ing wulan sabanjure banjur mulai ana gonjang-ganjing antara kekarone.
Beban gaweane Bagas saya akeh, ndadeake wektune kanggo Ratih dadi sithik. Ratih
dhasare wonge pengin digatekake terus, meruhi kahanan kang kaya mangkono Ratih
krasa ora digatekake, banjur Ratih nesu marang Bagas. Bagas saya mumet amarga
gaweane numpuk lan uga lagi ana masalah karo Ratih. Sabubare kerja Ratih ngajak
Bagas mangan bareng lanuga saperlu ngomong akeh marang Bagas.
“ Mas, apa sliramu
wis ora tresna maneh karo aku?” Ratih takon.
“ Ora tresna piye
maksudmu, dik?” Bagas balik takon.
“ Wis mas aja digawe
dawa, panjenengan milih aku apa pagaweane panjenengan?” Ratih takon maneh.
“ Dik, aku nyuwun
tulung. Sliramu lhak ya ngerti yen gaweanku lagi akeh lan aku uga duwe tanggung
jawab kang gedhe kang ora bisa tak tinggalke, aku mung njaluk tulung sliramu
bisa ngerteni aku!” jaluke Bagas.
“ Wis, saiki
njenengan milih aku apa pagawean?” Ratih negesake.
“ Mbuh,dik. Minggu
iki aku arep cuti dhisik, aku arep mulih tilik bapak ibu sisan ngleremake piker
sisan mikirke piye kepenake aku lan sliramu. Yen sliramu gelem tak jaluk
sliramu gelem nunggu aku. Yen ora, aku lila yen sliramu golek gantine aku.”
Jawabe Bagas teges.
Dina Jum’at Bagas
bali menyang Semarang melu sepur kang mangkate Jam 4 sore. Ing jero sepur
nyawang menyang njaba. Katon srengenge surup, angslup ing sisih kulon ana
mburine gunung. Bagas bali kanthi gawa manekawarna prakara kang kudu dipikir.
Lingsir wengi ngiringi lakune sepur. Jam 5 esuk Bagas tekan Semarang. Bali
menyang desa kang wis suwe dheweke tinggal. Dheweke banjur golek angkutan umum
tekan desane, ing pojokan desa dHeweke mudun. Sanajan gawa gawan akeh lan rada kabotan, nanging dheweke tetep
pengin mlaku, karo nyawang desane kang wis suwe ditinggal, kabeneran uga bisa
pethuk karo tangga-tanggane. Tekan omah dheweke langsung sungkem karo bapak
ibune. Bapak Ibune ngelus putrane kang saiki wus bisa mapan iku, bisa ngangkat
drajat wong tuwane. Bagas banjur leren kanggo nenengake pikire. Wayah wengine
banjur dheweke crita akeh marang wong tuwane.
“ piye, le. Anggonmu
nyambut gawe ana Jakarta. Lhak ya lancar-lancar wae ta?”bapake takon.
“ Alhamdulillah,Pak.
Kaleresan kula pikantuk padamelan ingkang sekeca, kanthi jabatan ingkang
lumayan, pramila kula saged kirim arta dhateng bapak ibu saben wulanipun.”
Jawabe Bagas.
“ Ya Alhamdulillah
yen mangkono, tandhane kowe sumbut karo kekarepanmu mbiyen!” bapakne nambahi.
“ Nanging, tak
sawang kok sliramu kok kaya lagi ana bab abot sing dipikir,le. Ana apa?” ibune
genti takon.
“ Ehmmm,,,,,,Inggih
bu, Sejatosipun kula ugi nembe wonten setunggal prekawis ingkang damel kula
kepikiran, kula gadhah kanca wanita, blaka mawon kula tresna kaliyan piyambake
lan samenika ugi sampun sesambetan, ananging piyambakipun radi kirang
mangertosi karepotan kula, menika ingkang dados pikiran kula!” Bagas
njlentrehake.
“ Ngene,le. Kowe
minangka wong lanang yen pancen kowe tresna kowe kudu bisa gawe dheweke
ngilangi sifate kang kaya mangkono iku. Yen pancen kowe tenan tresna, ora ana
salahe yen kowe nembung dheweke supaya dadi sisihan uripmu.” Bapakne negesake.
“ Iya, le. Saiki
kowe lhak ya wis mapan, wis duwe penghasilan dhewe. Wis wayahe kowe omah-omah.”
Ibune nambahi.
“ Ngestokaken
dhawuh,,,,,menawi bapak lan ibu ngersakaken kados mekaten, kula namung saged
ngestokaken kemawon. Badhe kula laksanakaken punapa ingkang dados nasihatipun
bapak ibu.” Jawabe Bagas teges.
Ing pungkasan,
kanthi pandonga lan pitutur saka wong tuwane Bagas bali menyang Jakarta. Saiki
nyambut gawene tansaya sengkut, jabatane uga tambah dhuwur maneh amarga sregepe
dheweke. Lan babagan dheweke lan Ratih saiki Ratih wis sadar yen beban gaweane
Bagas akeh, mula saiki dheweke gelem mangerteni gaweane Bagas. Ing sasi ngarepe
Bagas banjur nglamar Ratih, wong tuwane Ratih seneng nduweni calon mantu kaya
Bagas, Sesai sawise iku Bagas nikah karo Ratih. Saiki apa kang dadi kekarepan
uripe Bagas wis kelakon, pancen urip iki kaya rodha, ana kalane wong ing ngisor
ora diajeni, rumangsa endhek. Nanging yen wis wancine, wong bisa nggayuh
kamulyaning uripi, nanging kudu gelem rekasa dhisik, lan ora lali nyuwun marang
gusti kang kuwasa. Amarga uripe manungsa iku wis diatur dening gusti kang
murbeng jagad.
*****
Tidak ada komentar:
Posting Komentar