Keduwung
dening : Melanti Rizkiyah
Sumitra..rungokna apa kang dadi
sambatku
Nalika semana
Cilikanku gembeng
Bapak
biyen duka
Merga aku ora gelem sinau
Biyung nangis nggugu mikiri aku
Simbah wis ora pagah
Saiki aku susah sumitra
Urip tanpa rasa bungah
Urip tanpa panggayuh
Sumitraku..nalika awakmu lungkrah
nggayut
lintang
sawanga aku ana mburi
kamangka awakmu bakal
wurung
ngandheg jangkahmu
Terusa mlaku
Tanpa kendhat
Tanpa sumelang
Tidak ada komentar:
Posting Komentar