Kaweden
Dening : Melanti Rizkiyah
Wengi anyep
Sansaya asrep
Petheng dhedhet
Playune angin sansaya banter
Semribit ambu dupa gawe ajrihing ati
Ron-ron garing tansah pasrah
Digawa panguwasa wengi
Ana omah gethek kana
Omah kang lampune kethap-kethip
pawongan kemulan sarung
ndhekuku
Ndrodog
Dipan
melu oreg
Iline
kringet sansaya deres
Gemlethating untu sansaya seru
Wedi..
Kang
banget wedine
Dadi
kemul wengi kuwi
Ana medi..
Ana medi...
Ana
jaba kana
nyenyet
Jerit sansaya lirih
Sansaya lirih
Kaganti
dening swara guyu
Guyu
banter
Nyeseki
kuping
Ora waras
Pitung taun lawase
Jasad kakubur
Ana kebon iring omah
Iki pidana kanggo wong nyolong nyawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar