Sabtu, 07 Juni 2014

Dumadine Rawa Pening



DUMADINE RAWA PENING

ADEGAN 1
Kacarita, ing jaman biyen ana ratu ing kraton kalingga  kang manggon ana ing keeling ( Jepara ) kang asesilih Ratu Sima. Ratu Sima marentah kanthi adil, rakyate urip kanthi guyub rukun. Ananging ing suwe-suwene wektu ing kraton mulai ana prastawa kang gawe gonjang-ganjing ing kraton. Ing sawijining wengi ing malem respati manis, sang ratu entuk wangsit saka dewa liwat impine. Kang isine yaiku yen pengin Negara kalingga dadi tentrem kaya mulane, sang ratu kudu nggawe panggonan kanggo ibadah kang cacahe ganjil kang adoh kang panggonane ana ing papan kang dhuwur ing sisih kulon mangidul. Esuke sang ratu nimbali punggawane kang jejuluk Hajar salokantara lan Hajar Watangrana.
Sang Ratu                            : ( jengkar saka dhampar keprabon, banjur nimbali Hajar Salokantara lan Hajar
                                                Watangrana). “ Paman Salokantara lankowe paman Watangrana”.
Hajar watangrana,           : ( bebarengan ) “ kasinggihan gusti, wonten dhawuh gusti ratu?”
Hajar Salokantara
Sang ratu                             : “ Ngene paman, ing impenku aku entuk wangsit saka dewata yen ta kepengen kraton kalingga kene tentrem maneh, aku kudu nggawe papan ibadah kang cacahe ganjil kang manggon ing papan kang dhuwur ing erenging segara kidul kang ana ing sisih kulon mangidul. Mula aku nyuwun paman Salokantara lan paman Watangrana saperlu mandhegani bala prajurit tumuju marang panggonan kang tak aturke mau.”
Hajar Watangrana,
Hajar Salokantara             : “ Ngestokaken dhawuh Gusti ratu”. ( jengkar banjur metu saka papan pasewakan ).
ADEGAN 2
Esuke prajuri dibudhalake, ing ngarep ana Hajar Salokantara lan Hajar Watangrana mandhegani prajurit, dikanthi prajurit wanita siji jenenge Retna Wulan. Rombongan mlaku saka kraton kalingga banjur ngliwati alas tuwa ( bintoro) banjur tekan panggonan kang ana wit aseme nanging arang-arang, banjur panggonan iku dijenengi Semarang. Sawuse pirang-pirang dina mlaku rombongan tekan puncak gunung ungaran ing panggonan kang ana kawah sumber banyu, saking beninge banyu ing kono, panggonan iku banjur dijenengi Indrakila.
H. Salokantara                   : ( paring printah marang prajurit kabeh ) “ He,,,para prajurit kabeh. Saiki padha lerena kabeh. Padha adusa kabeh ing sumber kae kareben padha seger maneh.”
Prajurit-prajurit                : ( bebarengan ) “ Inggih, kanjeng.”
ADEGAN 3
Sawuse padha leren lan adus kabeh, rombongan mbacutake laku maneh menyang panggonan kang ditujju. Sawuse pirang-pirang dina mlaku, rombongan tekan papan kang dituju. Hajar Salokantara lan Watangrana banjur mrentah para prajurit supaya enggal mulai kerja.  Pirang-pirang dina para prajurit kerja mbangun candi, nanging ing tengah dalan ana alangan kanga sale saka Hajar Salokantara lan Hajar Watangrana dhewe.
H. Watangrana                  : “ Kakang, ora krasa pagaweane awake dhewe sedhela maneh bakal rampung, wis meh jangkep kaya kang disuwun dening gusti Ratu.”
H.Salokantara                    : “ Iya, Dhi. Pagawean iki kudu dilakoni kanthi satuhu. Wis dadi kewajibane awake dhewe ngestokake dhawuhe gusti Ratu.
H.Watangrana                   : Iya, kakang. Nanging, kang agawe aku betah ana kene ora mung amarga kahanan alame kang asri wae, nanging uga amarga anane Retna Wulan ana kene.”
H.Salokantara                    : Lho, apa gegayutane Retna Wulan karo gegayuhane awake dhewe.” ( rada mbesengut ).
H.Watangrana                   : “Ya, aku mung ngrasa krasan wae yen Retna Wulan ing sisihku. Aku sajak wiwit mambu ati marang dheweke.”
H.Salokantara                    : ( muntab ) “ Apa??? Ora bisa, sing seneng karo Retna wulan iku ora mung kowe nanging uga aku. Sliramu Kang luwih enom kudu gelem ngalah marang kang luwih tuwa minangka rasa hurmatmu marang aku.”
H.Watangrana                   : ( muntab uga ) “ Ora bisa, perkara jodho kuwi ora gumantung karo tuwa lane nom. Iki perkara ati lan rasa, dadi kowe aja gumedhe,kakang.”
H.Salokantara                    : “ Wani nungkak marang aku saiki kowe,dhi?? Aja salahke aku yen aku bakal ngenthengke patimu.”
ADEGAN 4
Pungkasane padudon mau dadi perang gedhe. Hajar Watangrana Kalah lan mlayu ninggalake pagaweane. Nganti tekan wates wektune, isih ana candi kang durung dadi. Hajar Salokantara lan Retna wulan banjur manggon ana kono lan srawung karo warga ing kono. Ing sawijining wengi, Hajar Salokantara entuk wangsit yen dheweke kudu nlakoni tapa ing gunung telomoyo.Retna Wulan ditinggal, nanging sadurunge budhal, Hajar Salokantara weneh piweling marang REtna Wulan.
H.Salokantara                    : “Nimas retna wulan, mau bengi kangmas antuk wangsiting dewa,nimas.”
Retna Wulan                      : “ Wangsit punapa, kangmas?
H. salokantara                   :” isine wangsit iku yen aku kudu tapa ana ing gunung telamaya, nimas. Mula, aku nyuwun sedyamu, aku bakal ninggal sliramu nganti rampung anggonku tapa brata.”
Retna wulan                       : ( nangis ) “ menawi menika sampun kersaning hyang widhi, kula namung ngestokaken kemawon, kangmas. Sanajan awrat wosing batos tinilar dening kangmas.”
H. Salokantara                   :” aku percaya marang kasetyanmu, nimas. Nanging, sasuwene aku lunga aku titip pusaka awujud sumping karo lading iki. Nanging, eling-elinga piwelingku aja nganti sepisan-pisan mangku ladhing iki, dene sumping iki mangkone bisa dadi sarana kanggo nggoleki aku.”
ADEGAN 5
Ing sawjining dina retna wulan melu rewang-rewang ing wong duwe gawe. Ora sengaja Retna wulan nyelehake ladhing tinggalane salokantara ing pangkonane.
Retna wulan                       : ( swra bledheg nyamber,retna wulan kaget ) “ Dhuh gusti, aku lena marang piwelinge kakang salokantara. Pratandha apa iki, apa kang bakal kadadeyan marang aku?”
Pirang wulan sabanjure Retna wulan ngandhut, warga geger amarga Retna wulan meteng nanging ora ana bojone. Retna wulan ditundhung lunga. Pirang wulan sabanjure, retna wulan nglairake. Ananging anake lair ing wujud ula. Sanajan ora percaya, nanging retna wulan tetep ngupakara anake kang awujud ula. Sawise ngancik dewasa ula mau takon marang ibune.
Ula                                         : “ nuwun sewu ibu, sejatosipun kula menika putranipun sinten. Kula sampun dangu wonten mriki, ananging kula dereng nate mangertosi sejatosipun rama kula.”
Retna wulan                       : “ Ngger, anakku. Ceritane dawa ngger, saka mula bukane ibu ana kene nganti kowe lair.”
Ula                                         : “ boten menapa ibu, kula badhe mangertosi kemawon sinten sejatosipun rama kula.”

ADEGAN 6
Retna wulan carita saka mulane dheweke ana kono nganti duwe anak ula mau.
Retna Wulan                      : “ intine ngger, ibu ora sengaja nyelehake ladhing tinggalane ramamu ing pangkone ibu, banjur ibu ngandhut lan nglairake kowe.”
Ula                                         : “ dados sejatosipun hajar salokantara menika rama kula? Lajeng samenika rama wonten pundi, ibu?
Retna wulan                       : “ iya, ngger. Saiki ramamu lagi tapa ana gunung telamaya ngger. Apa kowe arep nusul menyang telamaya,ngger?”
Ula                                         : “ Kasinggihan, ibu. Nuwun tambahing pangestu keng putra badhe nusul rama wonten pertapan.” ( pamit )
Retna wulan                       : “ pangestuku mbanyu mili, ngger. Sing ngati-ati.” ( Nangis )
ADEGAN 7
Ula tekan pertapan lan nemokake salokantara. Kacarita amarga ula iki ana dusun diceluk baruk, amarga nganggo sumping kang kaya klinthing, banjur diceluk baru klinthing.
Baru klinthing                    : “ kula nuwun, Rama?”
Salokantara                        : ( kaget ) “ he, sapa kowe? Sato kewan kang bisa tata janma, wani-wanine kowe nyeluk rama marang aku.”
Baru klinthing                    : “ nuwun gunging pangaksami, rama. Kula menika saestu putrapanjenegan, putra saking Hajar Salokantara.”
Salokantara                        : “ lhadhalah,,,,,,saka ngendi kowe ngerti jenengku? Aku tetep ora percaya yen kowe iku anakku.”
Baru klinthing                    : “ kula putranipun dyah ayu retna wulan, lan menika sumping ingkang nate rama titipaken dhateng kanjeng ibu.”
Salokantara                        : ( tansaya kaget ) “ lho, saka ngendi kowe entuk sumping kuwi?”
Baru Klinthing                    : “ sampun kula aturaken kala wau,rama. Bilih kula menika putranipun retna wulan lan sumping menika ingkang maringi kanjeng ibu.”
Salokantara                        :” aku tetep ora percaya,yen kowe pengin dadi anakku, aku nduwe sayembara. Kowe kudu ngubengi gunung iki nganti sirah lan buntutmu iku gathuk. Apa kowe saguh?”
Baru klinthing                    : “ nuwun pangestunipun, rama. Sanajan awrat badhe kula lampahi.”
ADEGAN 8
Baru klinthing banjur mulai ngubengi gunung kuwi. Kanthi tekad kang kuat, Baru klinthing wis meh rampung anggone nglakoni sayembara. Nanging, Salokantara tumindak licik kanthi nugel buntute Baru klinthing. Dadine Baru klinthing wurung nglakoni sayembara iku. Cekak cerita tugelan buntut mau banjur dadi manungsa wujud bocah cilik. Bocah iku mau sejatine ya Baru klinthing, Ing sawijine desa ana acara sedekah dusun, Baru klinthing muter-muter njaluk panganan nanging ora ana sing menehi, malah kepara padha ngroyok Baru Klinthing, nanging baru klinthing tetep menang. Banjur, baru klinthing gawe sayembara, kang isine kudu bisa ndudut sada kang ditancepke dening dheweke.
Baru Klinthing                    : ( mbengok banter ) “ He,para warga.yen pancen padha digdaya, aku nduwe sayembara. Sapa kang bisa ndudut sada iki, dheweke bakal dadi wong kang digdaya.”
Warga 1                                : “ he,,,bocah bajang, aja ngajak guyon kowe. Mung perkara ndudut sada iku mung sapucuking kuku kanggoku.”
Warga 2                                : “ iya,,,kowe sajake ngece marang wong kene kabeh.”
Baru klinthing                    : “ wis, yen pancen kowe kabeh ngrasa digdaya. Jajal duduten sada iki.”

ADEGAN 9
Pungkasane ora ana kang bisa ndudut sada mau. Banjur baru klinthing ndudut sada iku lan bisa. Saka bekas dudutan mau metu banyune kang bening. Ewa dene sada kang isih ana gebale mau diuncalake banjur dadi gunung kendhalisada. Baru klinthing mlaku maneh banjur ketemu mbok randha, ing kono mbok randha nampa Baru Klinthing kanthi apik.
Baru klinthing                    : “ kula nuwun,,,,mbok, kula nderek ngaso wonten mriki napa kepareng, mbok?”
Mbok Randha                    : “ e,,,iya rene le,,,,lungguha mrene. Asalmu saka ngendi lan kena apa kowe mara rene?”
Baru klinthing                    : “ kula saking panggenan ingkang tebih, mbok. Kula mriki namung badhe nyuwun tedha sekedhik kemawon, ananging pranyata tiyang dusun malah damel piawon dhateng kula.”
Mbok Randha                    : “ e,,,lhadhalah, wong kok ya padha anggak ngono, ya. Ya wis le, iki ana maem sethithik. Maem disik kanggo ngisi wetengmu kuwi.”
Baru klinthing                    : “ matur suwun sanget, mbok. Mugi pikantuk pinwales saking gusti. O, inggih mbok kula namung weling kemawon, mangke menawi wonten bena ageng, kula suwun mbok randha nitih lesung menika kangge praunipun, lan enthong menika dados welahipun.”
Mbok randha                     : ( gumun )” lho,,,,apa arep ana kadadeyan kang kaya kokcritake iku?”
Baru Klinthing                    : “ nggih, namung kangge jagi-jagi kemawon. Gandheng menika sampun cekap kula sowan, matur nuwun sampun kersa paring tedha kangge kula, kula namung saged dedonga mugi simbok tansah pinaringan rahayu. Kula nyuwun pamit, mbok?”
Mbok Randha                    : “ iya, le. Sing ngati-ati.”
Pungkasane banyu kang metu saka bekas dudutan mau tansaya gedhe lan ndadekake banjir gedhe, wong-wong dusun padha mati klelep amarga anggake. Dene mbok randha bisa slamet amarga eling welinge baru klinthing. Banjir tansaya gedhe, pungkasane panggonan kono mau dadi waduk gedhe lan banyune wening, mula nganti saiki kondhang kanthi sebutan RAWA PENING.


***TAMAT***

Tidak ada komentar:

Posting Komentar