Selasa, 10 Juni 2014

Nasib Kabudayan Jawa

”Nasib Kabudayan Jawa”

Budaya Jawi minangka budaya ingkang sampun kawentar,mboten namung wonten Indonesia/tanah Jawi nanging ugi wonten manca.Kabudayan Jawi kalebet budaya ingkang adiluhung amargi ajaranipun utawi surasanipun babagan moral ingkang utama,babagan tata krama,uga maneka warni tata cara adat Jawi.Umpaminipun wayang,wayang menika salah satunggaling kabudayan Jawi ingkang sampun dipunakeni PBB minangka warisan budaya asli Indonesia.wayang menika asring nyariosaken babagan kabecikan ugi kaluputan.Surasanipun paring pitedah babagan tata krama lan ugi ajaran kabecikan.Pramila wonten unen-unen”wayang kuwi ora mung tontonan,nanging uga tuntunan”.Tegesipun wayang kajawi kagem sarana hiburan,ugi wonten tuntunan ing salebetipun.
Ananging bangsa Indonesia umumipun, lan tiyang Jawi khususipun patut prihatos,amargi wonten jaman ingkan sampun maju kados samenika,kathah tiyang Indonesia/tiyang Jawi ingkang sami nilaraken budayanipun piyambak.Malah langkung remen kaliyan budaya manca ingkang dereng mesti trep kaliyan adat ketimuran.Kathah tiyang,utaminipun para mudha ingkang aganggep bilih budaya-budaya Jawi menika sampun kuno utawi ketinggalan jaman.Namung sekedhik ingkang purun nguri-uri kabudayan adiluhung menika,kathah saking menika kalebet tiyang ingkang sampun sepuh.Para tiyang sepuh wau nggadhahi pangajeng-ajeng bilih para mudha ingkang badhe dados panerusipun kagem anguri-uri budaya,ananging menawi ingkang dipunajeng-ajeng boten ngrumaosi,lajeng pripun nasib budaya Indonesia samangke?
Menawi wonten bangsa sanes ingkang badhe ngakeni budaya asli saking Indonesia,tiyang-tiyang wau nembe asesorah,kamangka sejatosipun namung anyinaoni mawon boten purun,napa malih anguri-uri.Dados punapa kedah protes?menawi boten saged njagi budayanipun piyambak.
Pramila mangga,kita minangka mahasiswa ingkang sampun anggadhahi pamikiran ingkang langkung inggil tinimbang tiyang sanesipun,mangga sesarengan angudi ugi anguri-uri budayaning bangsa supados boten ical sairing lumampahing jaman ugi boten dipunakeni bangsa sanes.Dados mahasiswa,ampun among saged asesorah utawi demonstrasi kemawon,ingkang dereng mesti mangertosi punapa ingkang dipunaturaken.Kamangka kita piyambak dereng saged nglampahi punapa ingkang kita swantenaken.Ampun dados tiyang ingkang”Jarkoni”,”Bisa ujar nanging ora bisa nglakoni”.

*KUNCARA ARUMING BANGSA AMUNG DUMUNUNG HANING LUHURING BUDAYA*
*SURADIRA JAYANINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI*

*AJA RUMANGSA BISA NANGING BISAA RUMANGSA*

Tidak ada komentar:

Posting Komentar